Minggu, 25 Oktober 2015

Wangsalan ing Tembang



Wangsalan tinulis ing tembang
Dening Ki Anom Sawukir

  1. Dhandhanggula

Lemek sikil tuku mbayar mburi,
Ndlesep-ndlesep tangane andhuwa
Reca kayu, golekane
Kenya weteng lemu
Kang pindundhut kang dentresnani
Rambut utih lirira
Yekti tujwanipun
Angupaya kadangira
Beras mateng rasa asin king jaladri
Kanca kuliyahira

  1. Pocung
Wadhah buku salam kanggo yen mertamu
Tuntas aranira
Yen luput nuwun aksami
Warga kacang sranane kanggo kekancan

  1. Gambuh

Bubar Jumat puniku
Tumindaka kang becik satuhu
Anak bebek  anak sapi anak pitik
Rikat cepet gathukipun
Tinampa ing sadhengah wong

0 komentar:

Posting Komentar

luvne.com ayeey.com cicicookies.com mbepp.com kumpulanrumusnya.com.com tipscantiknya.com