Sabtu, 24 Oktober 2015

Syair Tembang Dolanan Jawa

Sluku-Sluku Bathok
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Sala
Leh-olehe payung mothe
Mak jenthit lolo lo bah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip golekka dhuwit.

Buta-Buta Galak
Buta-buta galak,
solahmu lunjak-lunjak,
sarwi sigrak-sigrak,
nyandhak kanca nuli tanjak,
bali ngadeg maneh,
rupamu ting celoneh,
iki buron apa tak sengguh buron kang aneh,
lha wong kowe..we..we
sing marah-marahi ihi-ihi aku wedi ayo kanca padha bali,
galo kae-galo kae,
mripate plerak-plerok,
kulite ambengkerok,
hi..hi.. aku wedi…..
ayo kanca padha bali

Bebek Adus Kali
Bebek adus kali, nututi sabun wangi,
bapak mundhut roti, adhik diparingi.."

 Ilir-Ilir
Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodoiro
Kumitir bedah ing pinggir
Dondomono, jlumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo sorako, sorak iyo!!

Padhang Bulan
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré
Jaranan
Jaranan- jaranan, jarane jaran teji
Sing numpak ndoro bei
sing ngiring para mentri
Jeg-jeg nong, jreg-jreg gung
Jeg-jeg gedebuk krincing
Gedebug jedher
Gedebug krincing
Jeg-jeg gedebuk jedher

MENTHOG-MENTHOG
Menthog-menthog tak kandhani
Mung solahmu angisin-isini
Bokya aja ndheprok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Methog-menthog
Mung lakumu megal-megol gawe guyu.
 GUNDHUL-GUNDHUL PACUL
Gundhul-gundhul pacul..cul, gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul...kul, gembelengan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan

DHONDHONG APA SALAK
Dhondhong apa salak
Dhuku cilik-cilik
Ngandhong apa mbecak
Mlaku thiimik-thimik

Te Kate Dipanah
Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk ondhe-ondhe
Mbok sribombok mbok sirkate
Mbok sribombok mbok sirkate

Turi-Turi Putih
Turi turi putih ditandur eing pinggir sumur
Turi turi putih ditandur neng pinggir sumur
Jeleret tiba nyemplung ke kembang kembange apa
Mbok kira mbok kira mbok kira kembange apa
Kembang kembang mlathi kembang m'athi dironce-ronce
Kembang kembang mlathi kembang m'athi dironce-ronce
Sing kene setengah mati sing kana 'ra piye piye
Mbok kira mbok kira mbok kira kembange apa

 Gambang Suling
Gambang suling ngumandhang swarane
Thulat thulit kepenak unine
Unine mung nrenyuhake
Bareng lan kentrung ketipung suling
Sigrak kendhangane

Andhe-Andhe Lumut

Putraku si Andhe Andhe Andhe Lumut
Tumuruna ana putri kang ngunggah-unggahi
Putrine, ngger, sing ayu rupane
Kleting Abang iku kang dadi asmane
Adhuh, Ibu, kula dereng purun
Adhuh, Ibu kula mboten mudhun
Nadyan ayu sisane si Yuyu Kangkang

Putraku si Andhe Andhe Andhe Lumut
Tumuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine, ngger, sing ayu rupane
Kleting Ijo iku kang dadi asmane
Adhuh, Ibu, Ibu sampun meksa
Kang putra taksih dereng kersa
Amargi putra taksihnandhang asmara

Putraku si Andhe Andhe Andhe Lumut
Tumuruna ana putri kang unggah-unggahi
iPutrine, ngger, sing ayu rupane
Kleting Kuning iku kang dadi asmane
Adhuh, Ibu, kula inggih purun
Kang putra inggih badhe mudhun
Nadyan ala punika kang putra suwun

Sekolah
Esuk-esuk srengengene lagi metu, sibu
Nyuwun pangestu kang putra badhe sinau, sibu
Nyangking etas ing jerone isi sabak, bapak
Gerip lan sada wis cumepak ana kothak, bapak
Awan-awan srengengene ana tengah, simbah
Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah, simbah
Sore-sore lampune diurubake, budhe
Wis wayahe bocah-bocah nambah ilmune, budhe.

Suwe Ora Jamu

Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
ketemu pisan kok wis tuwa.
Suwe ora jamu,
Jamu iwak wader.
Suwe ora sinau,
bareng sinau dadi pinter.

Suwe ora jamu,
Jamu godhong asem.
Suwe ora ketemu,
Ketemu pisan, mesam-mesem.

Suwe ora jamu,
Jamu godhong kates.
Suwe ora ketemu,
Ketemu pisan, tambah ethes.

Suwe ora jamu,
Jamu kembang kanthil.
Suwe ora ketemu,

Ketemu pisan, tambah trampil.

0 komentar:

Posting Komentar

luvne.com ayeey.com cicicookies.com mbepp.com kumpulanrumusnya.com.com tipscantiknya.com