Sabtu, 24 Oktober 2015

Parikan Berkarakter 1

1. Manuk dara mangan pari
    Dadi siswa kudu taberi

2. Rambut dawa perlu dikucir
    Pengin mulya ayo dha mikir

3. Wedang rondhe rasane legi
    Pengin duwe kudu mersudi

4. Menyang sawah nggawane pacul
    Ayo sekolah supaya unggul.

5. Ana bolah nggo nyancang gereh
    Bocah sekolah ilmune akeh

6. Kembang tebu jenenge glagah
    Kanggo tandha ing ngarep omah
    Yen sinau aja dha wegah
    Dimen bisa ilmune tambah

7.  Ana parut bahane kayu
     Digambari cedhak pinggire
     Padha manut dhawuhe guru
     Tembe mburi dadi wong gedhe
 
8.  Mangan kacang neng ngarep langgar
     Weruh precil dibalang bata
    Yen tumandang dibarengi sabar
     Bakal kasil kanthi sampurna

9.  Ana nangka mung kari sithik
     Karo roti bahane tela
     Kulinakna ing bab kang becik
     Dimen dadi wong kang piguna

10. Peteng-peteng ana swara
      Swara tandha wong lagi mbathik
     Aja seneng tumindak ala
     Ning senenga tumindak becik

0 komentar:

Posting Komentar

luvne.com ayeey.com cicicookies.com mbepp.com kumpulanrumusnya.com.com tipscantiknya.com