Melestarikan Basa Jawa

Manusia merupakan mahkluk individu dan sosial. Sebagai mahkluk sosial, manusia perlu berinteraksi dengan manusia lain. Dalam berinteraksi, manusia memerlukan bahasa untuk menyampaikan pikirannya.

Ki Anom Sawukir

Jeneng iku kanugrahan. Kaya jenengku Sawukir, bisa dimaknani padha karo gunung. Ing kono duwe maksud supaya sakabehane kaya gunung.Rejeki, drajat, pangkat, bisaa sagunung. Kabeh-kabeh mambu gunung sebab aku dilairake ing perenging gunung Merapi. Kepurun Manisrenggo Klaten

Dhandhanggula Pangiring Panganten Kirab Manjing

Wayang tradisional Jawa atau disebut juga sebagai wayang purwa adalah salah satu jenis seni pertunjukan yang masih hidup bertahan dalam entitas masyarakat Jawa, utamanya masyarakat Jawa Tengah dan Jawa Timur.

Budaya Indonesia

Indonesia ngrupiaken salah satunggaling negeri ingkang anggadahi keanekaragaman suku, budaya uga basa. Saking kathah suku ingkang sami gesang wonten negari Indonesia saprayogane kebentuk mukawis budaya ingkang benten antawis satunggal lan satunggalipun

Lingkungan Sekolah Resik

Sekolah ngrupakne salah siji lembaga formal pamulangan sing nduwe guna kanggo ningkatake pangaweruhan lan kabisan anak, ekolah ngrupakne panggon awake dhewe nyaka macem-macem kawruh dadi bekal kanggo nguwawa urip neng banjur dina

Rabu, 28 Oktober 2015

Bahan Ajar Berdialog Bahasa Jawa

Rounded Rectangle: SAWUKIR

GUNEMAN  NGANGGO BASA JAWA

 

 

 

KANGGO SISWA SMP/MTS
 











Panglantar

            Puji syukur konjuk ing  ngarsa  Gusti Kang Maha Agung, awit kanthi rahmat-E Materi Guneman Nganggo Basa Jawa iki bisa dirampungake. Materi iki karakit lelandhesan materi-materi sing wis ana utawa sing wis ditulis ing buku-buku pasinoan basa Jawa. Mung wae ing materi iki bab-bab sing durung tumata ditata, sing durung ganep diganepi.
            Materi iki katulis kanthi tujuan supaya para siswa entuk wawasan kang bener lan ganep bab guneman nganggo basa Jawa.
            Ing materi pasinaon iki, materi ditulis lan ditata urut saka Kompetensi Dasar kang digayuh, tujuan-tujuan pasinaon, lan kawruh omong-omongan saka sing gampang tumuju kang saya angel.
            Kanggo nggampangake anggone padha latihan omong, sabubare diandharake materi pasinaon banjur dicawisake sarana latihan kang dikantheni katrangan  kontekstual. Bab iku duwe tujuan supaya apa sing kudu dilakoni siswa iku cetha.
            Panulis ngakoni menawa isih akeh bab-bab sing kurang ing materi pasinoan iki, mula saka iku panulis ngantu-antu iguh pratikel saka para pamaos kanggo gawe apik lan ganepe  materi pasinaon iki. Nuwun


                                                                                                Panulis



PITUDUH PANGANGGONE MATERI PASINAON


Rounded Rectangle: KAGEM GURU 





1.     Paringana apersepsi marang siswa menawa guneman nganggo basa Jawa bisa kanggo nglatih karakter
2.     Panjenengan pilih materi kang jumbuh karo tataran klas
3.     Kaandharna kanthi tliti, runtut saka kang  gampang tumuju kang angel  ing bab kawruh apadene praktek guneman.
4.     Paringana  gambaran lan  conto nyata jroning guneman
5.      Mantepna maneh kawruh babagan guneman marang siswa


Rounded Rectangle: KANGGO SISWA
 





1.     Kawruhana bab-bab kang ana gandhenge karo guneman
2.     Suwunna pirsa marang guru bab sing durung kokngerteni
3.     Ajara kendel kanggo guneman
4.     Takokna marang awakmu dhewe bab-bab kang durung kongerteni bab kang ana gandhenge karo guneman


5.       

DAFTAR ISI
                                                                                                                                           Kaca
JUDHUL         .......................................................................................................................... i
PANGLANTAR .....................................................................................................................  ii
PITUDUH PANGANGGONE MATERI PASINOA ..............................................................iii
DAFTAR ISI ..........................................................................................................................  iv
STANDAR KOMPETENSI....................................................................................................... 1
KOMPETENSI DASAR............................................................................................................ 1
MATERI PASINAON ...........................................................................................................  1
1.      RAGAM BASA JAWA ....................................................................................................1
2.      TEMBUNG PANANDHA BASA ....................................................................................2
a.       Tembung Ngoko........................................................................................................... 3
b.      Tembung Madya ......................................................................................................... 3
c.       Tembung Krama............................................................................................................3
d.      Tembung Krama Inggil ................................................................................................3
e.       Tembung Krama Andhap .............................................................................................4
f.        Tembung Netral.............................................................................................................4
3.      PANGANGGONE BASA ................................................................................................4
a.       Basa Ngoko Lugu..........................................................................................................4
b.      Basa Ngoko Alus......................................................................................................... 5
c.       Basa Krama Lugu........................................................................................................ 6
d.      Basa Krama Alus......................................................................................................... 7
4.      DAFTAR SAWETARA TEMBUNG NETRAL – NGOKO – KRAMA - KRAMA INGGIL ........................................................................................................................... 8
5.      LATIHAN ....................................................................................................................... 11
6.      RINGKESAN .. .......... ..................................................................................................  11
UJI KOMPETENSI ................................................................................................................ 12
GLOSARIUM ......................................................................................................................... 14
DAFTAR PUSTAKA ............................................................................................................... 15






STANDAR KOMPETENSI:

Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan melalui berbicara, bertelepon, dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa Jawa sesuai unggah-ungguh.

Rounded Rectangle: Kompetensi Dasar :
Ø Berdialog
Ø Berdialog dengan menggunakan ragam bahasa yang sesuai
Ø Melakukan percakapan dengan orang yang lebih tua, misalnya menanyakan atau menyampaikan pesan atau undangan secara lisan
Ø Menelepon atau menyampaikan pesan secara lisan
Ø Berdialog dengan warga masyarakat
 


           






Rounded Rectangle: TUJUAN PEMBELAJARAN
 




1.      Siswa dapat menyebutkan ragam bahasa Jawa
2.      Siswa dapat menyebutkan penanda ragam bahasa
3.       Siswa dapat berdialog dengan  orang yang statusnya sama dan akrab dengan bahasa Jawa yang tepat.
4.       Siswa dapat berdialog dengan orang yang statusnya sama dan akrab tetapi masih membutuhkan penghormatan.
5.       Siswa dapat  berdialog dengan orang  tua yang  hubungannya akrab.
6.       Siswa dapat berdialog dengan  orang yang kedudukannya lebih rendah kepada yang lebih tinggi atau sebaliknya.
7.       Siswa dapat berdialog dengan orang  yang lebih tua yang hubungannya kurang akrab dengan bahasa yang tepat.
8.       Siswa dapat berdialog dengan  orang yang tua kepada yang muda tetapi status yang tua lebih rendah dengan bahasa Jawa yang tepat.
9.       Siswa dapat memperagakan dialog sesuai dengan teks  yang tersedia.
.

MATERI PASINAON

1.      Ragam Basa Jawa
Basa Jawa iku  ora mung siji. Sacara baku  basa Jawa dibedakake dadi loro, ngoko lan krama. Basa ngoko dibedakake maneh dadi ngoko lugu, lan ngoko alus. Dene basa Jawa krama dibedakake dadi  krama lugu lan krama alus.
            Ing dhuwur dikandhakake menawa basa Jawa sacara baku ana loro. Apa ana sing ora baku?  Sejatine ing bebrayan basa Jawa sing ditemokake ya mung ngoko lan krama iku. Nanging  ngoko lan krama kuwi ora mung lugu lan alus, sebab ana ngoko kasar lan krama madya. Mung wae ing sekolah sing diwulangake  mung ngoko lugu, ngoko alus lan krama lugu lan krama alus.

            Pamilahing basa Jawa bisa dideleng  ing tabel ngisor iki.


Katrangan:
Ngoko kasar lan krama madya ora diwulangake ing sekolah nanging isih digunakake ing masyarakat.

2.      TEMBUNG PANANDHA BASA
Basa-basa ing basa Jawa kasebut dadi beda-beda jenenge iku amarga basa-basa kasebut duwe  titikan dhewe-dhewe. Titikan-titikan mau awujud tembung sing  digunakake ing  basa kasebut. Mula banjur diarani tembung panandha basa. Yen tembung-tembung sing dadi  panandha iku mau ora pener mapane,  basa mau dadi ora laras karo jenenge utawa dadi ora bener.
Tembung sing dadi panandha basa kasebut yaiku tembung  ngoko, tembung madya,  tembung krama, lan  tembung krama inggil,  tembung netral.  Supaya luwih cetha gatekna ing tabel ngisor iki.
No
Basa
Tembung panandha
1
Ngoko kasar
ngoko lan netral
2
Ngoko lugu
ngoko lan netral
3
Ngoko alus
ngoko, krama/krama inggil/krama andhap, lan netral
4
Krama lugu
krama lan netral
5
Krama madya
ngoko, krama/krama inggil, lan  netral
6
Krama alus
krama, krama inggil/krama madya, lan netral
Kanggo ngerteni maksud saka siji-sijine panandha tembung kasebut bisa digatekakake ing katrangan ngisor iki.

a.      Tembung Ngoko
Tembung ngoko iku tembung sing duwe imbangan tembung krama, tembung madya, tembung krama inggil,   tembung krama madya, utawa tembung krama-krama inggil.  Conto tembung ngoko bisa dideleng ing tabel ngisor iki.

No
Tembung Ngoko
Pasangan Tembung
Madya
Krama
Krama Inggil
Krama Andhap
1
arep/meh
ajeng
badhe
-
-
2
banyu
-
toya
-
-
3
turu
-
tilem
sare
-
4
weteng
-
-
padharan
-
5
ngundang
-
-
nimbali
ngaturi

b.      Tembung Madya
Tembung madya iku tembung krama sing  aluse sangisore krama sandhuwure ngoko.  Conto-conto tembung madya bisa dideleng ing tabel ngisor iki.
No
Tembung Ngoko
Tembung Madya
Tembung Krama
1
 uwis
empun
sampun
2
ana
onten
wonten
3
arep
ajeng
badhe
4
kowe
ndika
panjenengan
5
menyang
teng
dhateng

c.       Tembung Krama
Tembung krama iku wujud alus saka tembung krama. Ana sing ngarani tembung krama iku tembung urmat ing unggah-ungguh. Tembung krama mesthi nduweni imbangan tembung ngoko. Cacahe tembung krama iku akeh. Tabel ing ngisor iki saperangan conto tembung krama.

No
Tembung Ngoko
Tembung Krama
1
bali
wangsul
2
percaya
pitados
3
tau
nate
4
esuk
enjing
5
jeneng
nama

d.      Tembung Krama Inggil
Tembung krama inggil sing  digunakake kanggo ngurmati wong sing diajak guneman. Kanggo ngurmati sing diajak guneman, sing diajak guneman  “didhuwurake” nganggo tembung krama inggil. Mula saka iku tembung krama inggil mung ditrapake ing wong sing diajak omongan lan sing  diomongake. Tembung krama inggil ana sing mung duwe imbangan tembung krama lan ngoko lan ana sing mung duwe imbangan tembung ngoko. Contone kaya ing tabel ngisor iki.

No
Tembung Krama Inggil
Tembung Krama
Tembung Ngoko
1
dalem
griya
omah
2
dhahar
nedha
mangan
3
rawuh
dugi
teka
4
kondur
mantuk
mulih
5
asta
-
tangan

e.      Tembung Krama Andhap
Tembung krama andhap iku tembung sing digunakake kanggo ngurmati wong sing diajak omongan kanthi cara ndhuwurake wong sing diajak omongan lan ngasorake awake dhewe. Dadi tembung krama andhap iku mung kanggo awake dhewe. Tembung krama andhap iki cacahe mung sithik.

No
Tembung Krama Andhap
Tembung Krama inggil
Tembung Ngoko
1
sowan
rawuh
teka
2
nyuwun
ngersakaken
njaluk
3
matur
ngendika
ngomong
4
ndherek
ngrawuhi
ikut
5
ngaturi
nimbali
ngundang

f.        Tembung Netral
Tembung netral iku tembung sing ora duwe imbangan tembung liyane. Tembung iki ora nelakake kasar apa alus. Dadi tembung iki bisa digunakake dening sing omong, sing diajak omong, lan sing diomongake. Delengen tabel ing ngisor iki.

No
Tembung Netral
Tembung Ngoko
Tembung Madya
Tembung Krama
Tembung Krama Inggil
Tembung Krama Andhap
1
cendhela
-
-
-
-
-
2
sapu
-
-
-
-
-
3
radhio
-
-
-
-
-
4
kates
-
-
-
-
-
5
pelem
-
-
-
-
-

3.      Panganggone Basa        
Carane milih basa Jawa sing endi sing arep digunakake iku ana  bab sing kanggo tetimbangan utawa dhasar. Dhasare yaiku faktor sosial.  Sing dikarepake faktor sosial yaiku bab-bab sing sesambungan karo jenis kelamin, umur, sesambungan kulawarga, kalungguhan, pendidikan, pametu, papan, lan akrab orane. Faktor sosial sing kanggo dhasar pamilihing basa Jawa yaiku umur, kalungguhan, lan kaakraban (raket lan ora sesambungane). Basa sing endi sing arep digunakake nalika guneman karo wong liya kudu nggatekake umur, kalungguhan, lan raket lan orane sing guneman lan sing diajak guneman. Cak-cakan siji lan sijine kaya kasebut ing ngisor iki.
a.      Basa Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu digunakake nalika omong-omongan  antarane:
1)      Wong kapisan  lan wong kapindho  kang raket banget, ora perlu ngalusake basa siji lan sijine.

Conto:
Konteks
Budi lan Amir iku kanca sekolah lan sakelas ing SMP. Wektu iku lagi ngaso. Dheweke omong-omongan neng ngarep kantin. Sing diomongke  ora liya  jajanan sing dituku neng kantin. Amarga wis akrab banget, siji lan sijine nalika ngomong ora ana tembung sing digawe alus.

Budi : “Dengaren tuku mendhowan, Mir. Jare ra entuk mangan gorengan.”
Amir : “Pisan-pisan ya ra papa ta, Bud. Gelem pa taktukoke?”
Budi : “Ora ah. Aku wis entek sega kucing loro, kok. Aku njaluk ese wae.”
Amir : “Ya wis kana njupuka, mengko takbayare.”

2)      Digunakake dening wong kapisan kang kalungguhane luwih dhuwur (wong tuwa, guru, bendara)  marang wong kapindho kang kalungguhane luwih cendhek (anak, murid, rewang).

Conto :
Konteks:
Ing  dina Minggu esuk, Budi arep ngetokake pit montore saka ngomah. Nalika Budi mbukak lawang, bapakne wis ana ngarepan omah. Mesthi wae Budi didangu bapakne.

Omong-omongane:
Bapak : “Arep nyang ndi, Bud?”
Budi    : “Dhateng griyanipun  kanca, Pak?”
Bapak : “Ana acara apa ta?”
Budi    : “Ngampil LKS, Pak.”
Bapak : “Ya wis. Aja suwe-suwe!”
Budi    : “Nggih, Pak.”



b.      Basa Ngoko Alus
 Basa ngoko alus iku digunakake dening:
1)      Wong sing sesambungane akrab ning salah siji apa loro-lorone kepengin padha ngajeni.




Conto
Konteks:
Nalika ngaso, Bu Sinta,  guru Fisika ing SMP Z  lan  Bu Wati, guru Basa Jawa, ketemu  ruwang guru.  Guru loro iku banjur  jagongan. Sing  dirembug nalika jagongan iku ora liya bab tes unggah-unggahan. Priyayi loro kasebut sesambungane akrab nanging isih padha dene ngajeni.

https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgvq20bMG_n3NXLkV6PwtUAy_icn-4mtnjJH2R0ziQu3niXAGtTPgIVOqY4oS2fQsz3yeYt2YoZwt8MwzORayZH3RaaXSSh5HnExlDKhq0coMGVdE8FJzrNic12OfyEg7FJD1b7pRqhMVk/s320/bin.jpg



            Bu Sinta : “Panjenengan wis wiwit ngolah biji, Pak?”
            Bu Wati : “Lagi ngrata-rata biji ulangan harian. Lha Njenengan?”
            Bu Sinta : “Aku wis rampung. Mung kari nunggu biji UKK mengko.”
            Bu Wati : “Kok cepet temen, njenengan?”
            Bu Sinta  : “Lha, bubar Kepala Sekolah kae ngendika, aku langsung nggarap.”
            Bu Wati : “Wah nek ngono mengko awan takrampungne.”
           
2)      Gunemane wong kapisan lan wong kapindho sing wis akrab, nanging sing diomongake (wong katelu) iku  sing kalungguhan lan umure luwih dhuwur dadi perlu diurmati.

Conto
Konteks:
Pandu lan Jaka  sadurunge mulih sinambi  nunggu pethukan omong-omongan neng cedhak gapura sekolah. Sing diomongke bab PR Basa Inggris.

Pandu   : “Ka, kowe wis mudheng PR sing diparingke Pak Edi mau?”
Jaka     : “Sithik-sithik wis. Lha napa?”
Pandu   : “Aku nek Inggris blas ra isa je.”
Jaka    : “Ngene wae, mengko nyuwun warah ibu apa bapakmu.”
Pandu   : “Bapak lan Ibuku tindak ki.”
Jaka     : “Mmm, mengko nek aku wis rampung  kowe tak-SMS, takajari. Piye?”
Pandu   : “Siip ,nek ngono.”



c.       Krama Lugu
Basa Jawa krama lugu iku digunakake ing omong-omongane:
1)      W1 marang W2 sing statuse kurang luwih padha, wis kulina, padha dene ngajeni, nanging ora urmat banget.

Conto
Konteks:
Pak Teja karo Pak Marna iku padha-padha guru sing wis suwe ora ketemu. Kebeneran ing sawijining wektu  ketemu ing papan wisata. Ing kono sing diobrolake ora bab piknik ning malah ngobrol ngalor ngidul bab  rega BBM. Najan wis akrab nanging isih tetep ngajeni.


Pak Teja    : “ Sampeyan sampun mireng menawi BBM badhe mindhak, Pak?”
Pak Marna : “ Inggih  namung mireng saking TV. Lha dospundi”
Pak Teja     : “Kadospundi nggih, estunipun awrat kangge kula.”
Pak Marna : “Sami kemawon. Kula inggih awrat. Nanging menawi tetep
                       dipunindhakaken, sampeyan lan kula rak nggih namung manut ta?”
Pak Teja    : “Inggih ta nggih, lha menawi badhe kesah-kesah napa motor namung
    dipunsurung?”
                  Pak Marna : “Nggih dipuntengga kemawon mangke keputusanipun kados pundi.”
                  Pak Teja    : “Lha  inggih ta.”

2)      Wong kapisan marang Wong kapindho sing ngomongake bab saliyane manungsa nganggo basa krama.

Conto
Konteks:
Pak Warna iku sawijining  tani. Kira-kira jam 10, Pak Warna kondur ngasta sawi. Ing tengah dalan ketemu karo  Pak Bambang.  Lelorone banjur nyritakake bab tanduran sawine.

Pak Warna             : “Menika lho Pak Bambang, sawi kula pethiki, mangka dereng
    wancinipun panen.”
Pak Bambang         : “Lho, lha kenging menapa?”
Pak Warna             : “Kalih dinten kepengker kula rabuki ngangge urea. Lha kok
   wau enjing kula tingali malah kathah ingkang pejah. Mangka
   kula sampun tliti lho ngrumatipun, nanging kok nggih tetep
   pejah. Dados kula nggih dereng ngertos sebabipun. Menawi   
   Pak  Bambang purun ta,  mendhet ing sabin kula.”
                   Pak Bambang        : “Nggih matur nuwun.”

d.      Krama Alus
 Basa krama alus iku digunakake nalika omong-omongan antarane:
1)       Bocah enom marang wong tuwa (murid marang guru utawa anak marang wong tuwa)
Conto
Konteks:
Ing wayah bubaran sekolah, Umi, murid kelas 8 nyuwun pirsa marang Pak  Edi, guru Matematika bab PR.

Umi                : “Pak, badhe nyuwun pirsa.”
Pak Edi          : “Bab apa?”
Umi                : “PR kalawau menika lho, Pak.”
Pak Edi          : “Lho rak wis cetha ta?”
Umi                            : “Inggih sampun. Namung nggarapipun kedah dipuntik menapa cekap       
    dipunserat tangan?”
Pak Edi          : “Nek pengin apik ya ditik, ning ditulis tangan ya ra papa.”
Umi                : “Matur nuwun, Pak.”
Pak Edi          : “Ya, padha-padha.”

            Konteks:
Bubar Maghrib, Arif matur marang Bapak lan Ibune  anggone didhawuhi nyiyapake piranti kanggo kemah.

Arif          : “Pak, minggu ngajeng tanggal 23 Juni sekolah badhe ngawontenaken
    kemah. Kula kadhawuhan pados ampilan tendha. Kadospundi
    menika,   Pak?”
Bapak      : “Biyasane sing duwe tendha kuwi rak ya sekolahan ta? Lha kira-kira   
     sekolah ngendi sing duwe?”
 Arif          : “Sekolahanipun Ibu kagungan boten, Bu?”
 Ibu           : “Coba sesuk taksuwunke pirsa Ibu Kepala Sekolah.”
 Arif          : “Sampun ngantos kesupen lho, Bu.”
 Bapak      : “Sesuk ben ra lali ibumu taksms-e.”
 Arif          : “Inggih, Pak, matur nuwun.”

2)      Wong  sing durung padha kenal.
Conto
Konteks:
Pak Darsana lan Pak Mustofa iku umur-umurane imbang, nanging ora akrab amarga pancen durung kenal. Ing sawijining dina Pak Darsana nggoleki daleme Pak Marlam sing daleme cedhak Pak Mustofa. Tekan kampunge Pak Marlam, Pak Darsana  ketemu Pak Mustofa, mula banjur nyuwun pirsa  marang Pak Mustofa.

Pak Darsana  : “Nuwun sewu Pak, badhe nyuwun pirsa.”
Pak Mustofa  : “O inggih.”
Pak Darsana  : “Dalemipun Pak Marlam menika ingkang pundi nggih?”
Pak Mustofa  : “Pak Marlam? Pak Marlam ingkang dados guru SMP?”
Pak Darsana  : “Inggih, leres.”
Pak Mustofa  : “O...menika panjenengan lajeng kemawon, mangke wonten
    prasekawan  katuran nengen. Kirang  langkung seket meter wonten  
    pratigan, mangke   panjenengan menggok ngiwa. Dalemipun Pak
    Marlam  celak mesjid.”
               Pak Darsana  : “Matur nuwun sanget, Pak.”
               Pak Mustofa  : “Inggih, sami-sami.”

3)      Wong sing statuse cendhek marang sing statuse luwih dhuwur (bawahan marang atasan, warga marang tokoh masyarakat)
Conto
Konteks:
Pak Winarta, guru IPS ing SMP A , ing sawijining wektu matur marang Kepala Sekolah bab murid-murid sing padha nglanggar aturan.
Pak Winarta               : “Bu, menika kados pundi, saben dinten kok wonten
    kemawon lare    ingkang nerak pranatan?”
Kepala Sekolah          : “Ngene  wae, njenengan bukak maneh buku tata tertib. Terus
   sing  nglanggar kuwi mau sanksi apa? Bali neng aturan wae,   
   Pak. Awake dhewe kudu tegas.”
             Pak Winarta                : “Menapa boten langkung sae ngaturi tiyang sepuhipun
     kemawon.”
Kepala Sekolah           : “Kuwi iya, ning aturane dijejege dhisik. Nek wis ora mandi ya     
    lagi ngaturi wong tuwa murid.”
            Pak Winarto                 : “O... inggih sampun menawi mekaten. Pareng.”
            Kepala Sekolah            : “Mangga-mangga.”

4.      Tembung Krama Inggil ing Basa Ngoko Alus lan Krama Alus
Kaya kasebut ing dhuwur yen ing basa ngoko alus lan krama alus iku ing panandhane ana tembung krama inggil. Tembung krama inggil kang dadi tandha ing basa kasebut iku diatur kaya ing ngisor iki.

a)      Tembung krama inggil ditrapake ing tembung panyapa kanggo wong kapindho lan wong katelu kang perlu “diduwurake”.
Conto:
Tembung kowe  lan dheweke dadi panjenengan lan panjenengane ing basa ngoko alus, panjenengan lan panjenenganipun ing krama alus.

b)      Tembung krama inggil ditrapake ing tembung kriya kang ngokone duwe pasangan krama inggil, kanggo wong kapisan lan wong kapindho kang perlu “didhuwurke”.




Conto:
Tembung Ngoko
Tembung Krama Inggil
mangan
dhahar
lunga
tindak
adus
siram
turu
sare
tangi
wungu
ngomong
ngendika
nggawa
ngasta
tuku
mundhut
jupuk
pundhut
teka
rawuh

c)      Tembung krama inggil ditrapake ing tembung kaanan kang ngokone duwe pasangan krama inggil kanggo wong kapindho lan katelu kang perlu “didhuwurake”.
Conto tembung ngoko lara dadi gerah
d)      Tembung krama inggil ditrapake ing tembung aran kang ngokone duwe pasangan krama inggil kanggo wong kapindho lan wong katelu kang perlu “didhuwurake”
Conto:
Tembung aran ngoko
Tembung aran krama
rambut
rikma
endhas
mustaka
bathuk
palarapan
rai
pasuryan
mripat
paningal
kuping
talingan
gulu
jangga
cangkem
tutuk
tangan
asta
weteng
padharan
sikil
samparan
driji
racikan
omah
dalem
payung
songsong
idu
kecoh

e)      Tembung krama inggil ditrapake kanggo klitik wong kapindho lan katelu ing ngoko alus, klitik wong kapisan, kapindho, lan katelu ing basa krama alus.
Cethane klitik kok- , lan -mu  dadi panjenengan ing basa ngoko alus, dene klitik dak-, kok- , lan -mu  dadi dalem/kawula, panjenengan, lan panjenengan ing basa krama alus.


5.      Pangendhalining Tembung
            Kajaba bab-bab ing dhuwur, sacara sintaktik pamilihing tembung ngoko, krama, lan krama inggil dikendhaleni dening tembung utawa klitik sing mratelakake wong kapisan, kapindho, lan katelu.
            Tembung utawa klitik pangendhali pamilihing tembung ngoko, krama, lan krama inggil kaperang dadi 3 klompok, yaiku:
1.      klompok aku, kowe, dheweke, tak-/dak-, -ku, -mu.
2.      klompok kula, kawula, dalem, piyambakipun
3.      klompok panjenengan, slrane, keng slira, lan panjenenganipun.
Sing guneman arep nggunakake tembung ngoko, krama, apa krama inggil gumantung marang tembung-tembung pangendhali iku ing ukara. Upamane wiwitan ukara nganggo tembung aku mesthi wae sateruse dadi basa ngoko. Wiwitan ukara tembung kula mesthi wae basane dadi krama, lan sapiturute.

6.      Daftar  Sawetara Tembung Netral- Ngoko-Krama-Krama Inggil

No
Tembung Netral
Tembung Ngoko
Tembung Krama
Tembung Krama inggil
1
adat
-
-
-
2
adhil
-
-
-
3
adhuh
-
-
-
4
ahli
-
-
-
5
akal
-
-
-
6
akerat
-
-
-
7
alam
-
-
-
8
alamat
-
-
-
9
Allah
-
-
-
10
alon
-
-
-
11
ama
-
-
-
12
amben
-
-
-
13
amis
-
-
-
14
anteng
-
-
-
15
andhong
-
-
-
16
apem
-
-
-
17
asal
-
-
-
18
asin
-
-
-
19
atos
-
-
-
20
bablas
-
-
-
21
bahan
-
-
-
22
bayi
-
-
-
23
bakda
-
-
-
24
banting
-
-
-
25
barang
-
-
-
26
basa
-
-
-
27
bathi
-
-
-
28
bengkong
-
-
-
29
beres
-
-
-
30
belang
-
-
-
31
bibit
-
-
-
32
bisu
-
-
-
33
bledheg
-
-
-
34
bodho
-
-
-
35
boyok
-
-
-
36
bocor
-
-
-
37
cakar
-
-
-
38
campur
-
-
-
39
candhi
-
-
-
40
cap
-
-
-
41
dhawet
-
-
-
42
duren
-
-
-
43
kiwa
-
-
-
44
luwe
-
-
-
45
murid
-
-
-
46
najis
-
-
-
47
obor
-
-
-
48
pilek
-
-
-
49
rujak
-
-
-
50
soto
-
-
-
51
tani
-
-
-
52
upa
-
-
-
53
waras
-
-
-
54
wajib
-
-
-
55
-
adhi
-
rayi
56
-
adoh
tebih
-
57
-
adus
-
siram
58
-
aja
sampun
-
59
-
aku
kula
-
60
-
ala
awon
-
61
-
alis
-
imba
62
-
amarga
amargi
-
63
-
ana
wonten
-
64
-
anggo
angge
agem
65
-
apa
menapa
-
66
-
arang
awis
-
67
-
arep
badhe
-
68
-
ati
manah
penggalih
69
-
awak
badan
salira
70
-
awan
siyang
-
71
-
bapak
-
rama
72
-
bali
wangsul
-
73
-
bojo
semah
garwa
74
-
bubar
bibar
-
75
-
bengi
dalu
-
76
-
bener
leres
-
77
-
cangkem
lesan
tutuk
78
-
cedhak
celak
-
79
-
cilik
alit
-
80
-
cukup
cekap
-
81
-
dadi
dados
-
82
-
dawa
panjang
-
83
-
desa
dhusun
-
84
-
dhengkul
-
jengku
85
-
dhewe
piyambak
-
86
-
durung
dereng
-
87
-
dhuwit
arta
-
88
-
dhuwur
inggil
-
89
-
dina
dinten
-
90
-
dudu
sanes
-
91
-
duwe
gadhah
kagungan
92
-
elek
awon
-
93
-
eling
emut
-
94
-
endhog
tigan
-
95
-
esuk
enjing
-
96
-
endi
pundi
-
97
-
ewuh
ewed
-
98
-
gawe
damel
-
99
-
gedhe
ageng
-
100
-
guna
gina
-
101
-
idu
-
kecoh
102
-
iki
menika
-
103
-
iku
menika
-
104
-
ilat
-
lidhah
105
-
irung
-
grana
106
-
ireng
cemeng
-
107
-
ijen
piyambak
-
108
-
isih
taksih
-
109
-
isin
-
lingsem
110
-
jan-jane
sejatosipun
-
111
-
jeneng
nama
asma
112
-
kae
menika
-
113
-
karo
kaliyan
-
114
-
kira
kinten
-
115
-
kleru
klentu
-
116
-
kowe
sampeyan
panjenengan
117
-
kumpul
kempal
-
118
-
kurang
kirang
-
119
-
kuwi
menika
-
120
-
lagi
nembe/saweg
-
121
-
lali
supe
-
122
-
lanang
jaler
kakung
123
-
lara
sakit
gerah
124
-
larang
awis
-
125
-
lenga
lisah
-
126
-
lima
gangsal
-
127
-
liya
sanes
-
128
-
loro
kalih
-
129
-
lunga
kesah
tindak
130
-
luput
lepat
-
131
-
luwih
langkung
-
132
-
maju
majeng
-
133
-
mangan
nedha
dhahar
134
-
manuk
peksi
-
135
-
mati
pejah/tilar donya
seda
136
-
mau
kalawau
-
137
-
mengko
mangke
-
138
-
mula
mila
-
139
-
mung
namung
-
140
-
nek
menawi
-
141
-
nulis
nyerat
-
142
-
obah
ewah
-
143
-
ora
boten
-
144
-
padha
sami
-
145
-
pari
pantun
-
146
-
pethuk
papag
-
147
-
pitik
ayam
-
148
-
pira
pinten
-
149
-
rada
radi
-
150
-
rasa
raos
-
151
-
rusak
risak
-
152
-
saka
saking
-
153
-
salah
lepat
-
154
-
sapa
sinten
-
155
-
sapi
lembu
-
156
-
sedulur
sedherek
-
157
-
sedhela
sekedhap
-
158
-
sing
ingkang
-
159
-
siji
setunggal
-
160
-
sikil
-
samparan
161
-
sore
sonten
-
162
-
suwe
dangu
-
163
-
takon
-
nyuwun pirsa/mundhut pirsa
164
-
tali
tangsul
-
165
-
thukul
tuwuh
-
166
-
tiba
dhawah
-
167
-
tilik
tuwi
-
168
-
tuku
tumbas
mundhut
169
-
turah
tirah
-
170
-
turu
tilem
sare
171
-
tuwa
sepuh
-
172
-
uga
ugi
-
173
-
ula
sawer
-
174
-
untu
-
waja
175
-
waca
waos
-
176
-
wadon
estri
putri
177
-
wani
wantun
-
178
-
wareg
tuwuk
-
179
-
wedi
ajrih
-
180
-
weteng
-
padharan
181
-
wis
sampun
-
182
-
wisuh
-
wijik
183
-
wong
tiyang
-
184
-
yen
menawi
-

7.      Latihan
Tindakna omong-omongan manut katrangan ing ngisor iki!
a.       Suwardi karo Suwarna iku kanca akrab. Nalika ing sekolahe ana clasmeeting, dheweke malah omong-omongan neng kelas. Sing diomongake bab preinan semester.
b.      Pak Raharja karo Pak Subagya iku padha dene durung kenal. Ing sawijining dina ketemu ing acara mantenan, banjur omong-omongan. Sing diomongake saka kenalan nganti nakokake daleme sarta papan pagaweane.
c.       Pak Darna karo Pak Mitra iku kanca akrab nanging isih padha dene njaga srawunge (padha dene ngajeni). Kekarone nalika ketemu padha ngrembug bab kasenengane bocah saiki.
d.      Ing sawijining dina Pak Harja lan Pak Karta, tangga cedhak sing ora pati akrab ketemu. Kekarone duwe hobi ngingu manuk. Pak Harja genti genten nyritakake manuk sing dadi ingon-ingone.




Rounded Rectangle: RANGKUMAN
1. Ragam baku basa Jawa iku ngoko lan krama.
2. Ragam ngoko kabedakake dadi ngoko lugu lan ngoko alus.
3. Ragam krama kabedakake dadi krama lugu lan krama alus
4. Basa ngoko lugu iku duwe panandha tembung netral lan ngoko.
5. Basa ngoko alus duwe panandha tembung netral, ngoko, lan krama/krama inggil.
6. Basa krama panandha tembunge netral lan krama.
7. Basa krama alus panandha tembunge netral, krama, lan krama inggil.
8. Basa ngoko digunakake marang wong kang wis rumaket, wong tuwa marang bocah enom, murid marang guru.
9. Basa krama digunakake kanggo guneman marang wong kang sadrajat nanging ora ndhuwurake sing diajak guneman.
10. Basa krama alus digunakake marang wong kang luwih tuwa, kalungguhane luwih dhuwur, lan marang wong kang durung rumaket.
11. Guneman arep nggunakake basa ngoko, krama, apa krama alus iku dikendhaleni dening tembung kang mratelakake wong kapisan, kapindho, lan katelu.
 























Uji Kompetensi
A.     Titik-titik ing ngisor ganepana nganggo tembung kang mathuk!
1.      Ragam basa Jawa iku kang baku yaiku...lan...
2.      Ragam ngoko dibedakake dadi .... lan ....
3.      Tembung panandha basa ngoko alus yaiku....
4.      Tembung panandha basa krama alus yaiku....
5.      Basa ngoko lugu iku digunakake kanggo guneman marang....
6.      Murid marang guru iku yen matur sing bener nganggo basa....
7.      Putra kang wis rumaket marang wong tuwane yen matur bisa nganggo basa....
8.      Guneman marang wong kang kalungguhane luwih dhuwur iku sing bener nggango basa....
9.      Kanca karo kanca wis akrab nanging isih padha dene ngajeni yen guneman sing bener nganggo basa....
10.  Tembung netral yaiku....

B.     Teks guneman iki paragkna lan terusna kanthi nggatekake konteks!
1.      Erna lan Fitri sekolah ing SMP C. Dheweke akrab banget sebab kajaba omahe cedhak, uga kekancan wiwit SD. Nalika bubar pelajaran olahraga, bocah loro iku ngobrol ngomongake pelajaran sing lagi wae rampung.
Erna     : “Piye, Fit, nek manut kowe olahraga dina iki?”
Fitri      : “Sip. Beda karo biyasane.”
Erna     : “....”
Fitri      : “Lha biyasane aku angger servise ora tau entuk biji apik.  Iki mau malah
   entuk biji  sanga.”
            Erna     : “Lha resepe apa kok isa ngono?”
            Fitri      : “....”
            Erna     : “O... dadi kowe neng ngomah saben sore melu latihan voly ta?”
            Erna     : “Iya.”
2.      Ing wektu sore kira-kira jam 4, Bu Sinta nyapu ing dalan ngarep daleme. Ora let suwe ana priyayi (Bu Titik)  nyuwun pirsa daleme  Pak Marjuki. Bu Sinta uga banjur nuduhake.
Bu Titik            : “....”
Bu Sinta           : “Pak Marjuki ingkang dados guru napa dhokter?
Bu Titik            : “....”
Bu Sinta           : “O...Pak Marjuki guru. Menika ngajeng menika rak wonten mobil
    abrit ta?     Lha  dalemipun Pak Marjuki wingking mobil menika.”
            Bu Titik            : “Kinten-kinten wonten dalem boten nggih, Bu?”
            Bu Sinta           : “...”
3.      Rahmad bocah kelas 1 SMP. Bocahe akrab banget marang bapakne. Ing sawijining dina, Rahmad matur  yen kepengin tilik embahe ing desa.
Rahmad            : “Pak, kapan tilik simbah neng desa?”
Bapak              : “Ya sesuk nek Bapak wis sela ta ya.”
Rahmad            : “...”
Bapak              : “Suk tanggal 12 rak prei ta? Tanggal kuwi kowe takterke.”
Rahmad            : “...”
Bapak              : “Simbahmu ora papa.”
Rahmad            : “...”
Bapak              : “Ya mesthi tindak ta Ibumu. Coba kowe mengko matura Ibumu.”
Rahmad            : “...”
4.      Esuk kuwi Bagus piket kelas mula tekane ing sekolah gasik. Bagus ngira  yen dheweke teka paling gasik. Jebul tekan sekolah, Pak Widi wis rawuh. Pirsa Bagus teka gasik, banjur didangu.
Pak Widi          : “Kok dingaren gasik temen, Gus?”
Bagus               : “...”
Pak Widi          : “Lha sapa wae kancamu piket?”
Bagus               : “...”   
Pak Widi          : “Kok ora disapu bubar pelajaran wingi, ngapa?”
Bagus               : “...”
Pak Widi          : “Lho ketoke bubar pelajaran wingi udane wis terang ta?”
Bagus               : “...”
Pak Widi          : “Ya wis kana diresiki kelase.”
5.      Ing wayah esuk, sadurunge pelajaran,  Eni karo Retna ngomongake kedadeyan dhek wingi. Eni takon marang Retna sing nyebabake didukani gurune.
Eni       : “Ret, kowe wingi salah apa ta marang Pak Muji, kok Pak Muji duka kuwi?”
Retna   : “...”
Eni       : “O... dadi kowe ninggalke kelas ra matur ta?”
Retna   : “...”
Eni       : “Lho iku rak durung jame Pak Muji no.”
Retna   : “...”
Eni       : “Nek aku, nek ijin mesthi nunggu guru sing keri kok.”
Retna   : “Lha piye ta En, wis ora kuwat ngampet kok.”
Eni       : “Ya muga-muga suk ora kedadean maneh.’



Glosarium

status                            : keadaan atau kedudukan
hobi                              : kesenangan
tembung                       : kata
tembung netral  : kata yang tidak memiliki imbangan ngoko, krama, atau krama
  inggil                          
tembung ngoko : kata yang memiliki imbangan kata krama/krama inggil atau
  kedua-duanya
basa ngoko lugu            : ragam bahasa Jawa yang memiliki kosakata penanda netral
  dan ngoko
basa ngoko alus            : ragam bahasa Jawa yang memiliki kosakata penanda netral,
   ngoko, dan krama
basa krama lugu            : ragam bahasa Jawa yang memiliki kosakata penanda netral
  dan krama
basa krama alus            : ragam bahasa Jawa yang memiliki kosakata penanda netral,
  krama, dan krama inggil






Daftar Pustaka

Ekowardono, B. Karno. Dkk. 1993. Kaidah Penggunaan Ragam Krama Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan

Iskandar, Ki Ali. 2011. Pepak Basa Jawa. Aswaja Presindo. Yogyakarta

Sasangka, Sri Satriya Tjatur Wisnu. 2004. Unggah-ungguh Bahasa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua


Suliyanto, 2008. Bebakalan Sinau Basa Jawa. Sukoharjo – Surakarta: Cendrawasih
luvne.com ayeey.com cicicookies.com mbepp.com kumpulanrumusnya.com.com tipscantiknya.com