Minggu, 25 Oktober 2015

Pancen Nyata



PANCEN NYATA
Syair: Sawukir

Pancen nyata wis kondhang wis kaloka
Es Em Pe Telu Loro aneng Semarang
Dadi papan nggulawenthah para siswa
Dimen pinter lan ngerti ing tata krama

Kaya kang wis tinulis ana ing visi
Tekun menuntut ilmu  unggul  prestasi
Berbudi pekerti luhur iku dadi
Srana anggembleng para putra lan putri

E..e..e  ya o ya e
Lulusane akeh kang nyambut gawe
Ana kana apa ana ing kene
Kabeh bisa padha  nggayuh tujuane

E e e ya o ya e
Ayo bareng angudi ngarumake
Kuncarane es em pe telu loro
Dimen dadi es em pe ingkang juwara

Kapan maneh, yen ora saka saiki
Bebarengan anggayuh sarta nggoleki
Kasuwure esempe telu loro
Mrih piguna mring nusa bangsa lan nagri

0 komentar:

Posting Komentar

luvne.com ayeey.com cicicookies.com mbepp.com kumpulanrumusnya.com.com tipscantiknya.com