Sabtu, 24 Oktober 2015

Pidato Berbahasa Jawa 1

Pidhato Nampi Toya Siraman
Assalamu’alaikum  wr. Wb.
Alhamdulillah …..
Bapak…, duta saraya saking Bapak…ingkang satuhu pantes sinambrama ing pakurmatan

Puji  syukur konjuk  dhumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten-pinten kanugrahan mliginipun ingkang arupi iman lan kabagaswaran setemah panjenengan lan kula saged kempal ing papan menika kanthi wilujeng. Sholawat  saha salam konjuk Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kita tengga pitulunganipun mbenjang ing dinten kiyamat.
Keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan. Ing ngriki  kula matur minangka sulihipun kadang kula  Bapa… saperlu nanggapi pangandikanipun Bapa….
      Wondene ingkang perlu kula aturaken:
Sepisan, Bapa…  ngaturaken sugeng rawuh awit saking rawuh panjenengan.
Kaping kalih, salam taklim saking Bapa… kula tampi, mangke tumuli badhe kula aturaken dhateng
                         Bapa…
Kaping tiga,  pasrah panjenengan ingkang arupi toya siraman calon penganten kakung  minangka sarat sarana ngicali sesuker kula tampi kanthi gumbiraning manah, mugi-mugi sedaya pangajab binerkahan dening Allah.
Kaping sekawan,   Menawi wonten dhanganing penggalih, sasampunipun toya siraman kula tampi, kersaa panjenengan angestreni lumampahing siraman tumrap calon penganten kakung.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, awit  kirang trep  atur saha anggen kula mranata dhiri, kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.






     Pidhato Nampi Pangandikan ing Adicara Midadareni
Assalamu’alaikum  wr. Wb.
Alhamdulillah …..
Para sepuh  lan pinisepuh ingkang kula bekteni.
Bapak Ibu, para lenggah ingkang kula urmati.

Puji  syukur konjuk  dhumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten-pinten kanugrahan mliginipun ingkang arupi iman lan kabagaswaran setemah panjenengan lan kula saged kempal ing papan menika kanthi wilujeng. Sholawat  saha salam konjuk Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kita tengga pitulunganipun mbenjang ing dinten kiyamat.
Keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan. Ing ngriki  kula matur minangka sulihipun kadang kula  Bapa… saperlu nanggapi pangandikanipun Bapa….
      Wondene ingkang perlu kula aturaken:
Sepisan, Bapa…  ngaturaken sugeng rawuh awit saking rawuh panjenengan.
Kaping kalih, salam taklim saking Bapa… kula tampi, mangke tumuli badhe kula aturaken dhateng
                         Bapa…
Kaping tiga,  kula ngaturaken agunging panuwun awit panjenengan sampun kersa rawuh anganthi calon penganten kakung. Kanthi lumaraping calon penganten kakung ing dalu menika ndadosaken manteping  penggalih Bapa… anggenipun badhe ngijababaken putra putrinipun ingkang asesilih….
Ing wasana kasuwun bapa …dalah para pangombyong calon penganten kakung lumebet ing sasana midadareni saperlu nyekecakaken lelenggahan ngantos purnaning adicara.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, awit sedayabkalepatan anggen kula matur,  kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.



Pidhato Nampi Pasrah
Assalamu’alaikum  wr. Wb.
Alhamdulillah …..
Para sepuh  lan pinisepuh ingkang kula bekteni.
Bapak Ibu, para lenggah ingkang kula urmati.

Puji  syukur konjuk  dhumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten-pinten kanugrahan mliginipun ingkang arupi iman lan kabagaswaran setemah panjenengan lan kula saged kempal ing papan menika kanthi wilujeng. Sholawat  saha salam konjuk Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kita tengga pitulunganipun mbenjang ing dinten kiyamat.
Bapak Ibu ingkang kula urmati, keparengna kula ngadeg wonten ing ngarsa panjenengan. Ing ngriki  kula matur minangka sulihipun kadang kula  Bapa… saperlu nanggapi pangandikanipun Bapa….
      Wondene ingkang perlu kula aturaken:
Sepisan, Bapa…  ngaturaken sugeng rawuh awit saking rawuh panjenengan.
Kaping kalih, salam taklim saking Bapa… kula tampi, mangke tumuli badhe kula aturaken dhateng Bapa…
Kaping tiga,  pasrah panjenengan ingkang arupi sanggan minangka sarat sarana jejangkeping
                        palakrama kula tampi kanthi suka gumbiraning manah, mugi-mugi sedaya pangajab
                         binerkahan dening Allah.
Kaping sekawan,   kasuwun kulawarga Bapa… lan para pangombyong nyekecakaken lenggah ing
                         papan ingkang sampun cumawis.

Mekaten ingkang saged kula aturaken, nglenggana awit kathah kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun pangapunten. Nuwun.


Wassalamu’alaikum wr. wb.

0 komentar:

Posting Komentar

luvne.com ayeey.com cicicookies.com mbepp.com kumpulanrumusnya.com.com tipscantiknya.com