Kamis, 22 Oktober 2015

Lingkungan Sekolah Resik



Sekolah mujudake salah siji lembaga formal pamulangan sing nduwe piguna kanggo ningkatake kawruh lan kabisan anak. Sekolah mujudake papan kita golek  maneka kawruh kanggo sangu urip saben dinane. Pangudi kanggo ngerteni  lingkungan bisa dilakoni  anak liwat pamulangan ing sekolah.

artikel-basa-jawa-bab-kesehatan-lingkungan-sekolah
Cara – cara sing kudu dilakokake kanggo njaga karesikan lan kesehatan lingkungan sekolah antarane  yaiku.

  • Nandur tanduran apotek hidup neng sekolah. 
  • Ngurangi utawa ngirit panganggone lampu listrik AC ing ruang kelas, konsumsi banyu lan energi liyane. 
  • Nangani mekanisme pambuwange sampah neng sekolah. 
  • Ngulinakake urip  irit kanthi ngolah maneh kabeh dluwang, plastik lan sawarnane 
  • Ndhewekake pambuwange kanthi milah jinis  sampahe, organik lan nonorganik. 
  • Gawe program ekstra kulikuler tresna lingkungan, kaya klompok ijo, pandhemen alam lan liya-liyane 
  • Nganakake  pirembugan babagan pangupakara lingkungan sekolah lan sapiturute. 
  • Nganakake studi banding ing bab pangupakara  lan njaga keresikan sarta lesatrine lingkungan sekolah. 
  • Netepi pranatan keresikan lan lestarine lingkungan ing sekolah. 
  • Mekarake katresnan lan kawigatene siswa marang lingkungan sekolah liwat pirang-pirang lomba perduli lingkungan, kaya lomba keresikan  kelas, nggambar, utawa maneka kreativitas liya sing raket marang lingkungan. 
  • Njejegake kedisiplinan. 
  • Nggunakake dina-dina gedhe nasional kanggo olah peduli lingkungan utawa gotong royong.


Keresikan lan asrine sekolah dadi tanggung jawabe  saben warga sekolah. Kajaba guru lan siswa, pangupakara lan pangudi wujude  lingkungan sekolah sing sehat  lan asri ora ucul saka kabeh wong tuwa, swasta, lembaga swadaya masyarakat, sarta pamerentah. Mula saka iku  siswa sing pinter, bermutu, berwawasan lingkungan bisa nancepake rasa dhemen lan peduli lingkunganne neng lingkungan sekolah lan masyarakat.

1 komentar:

  1. Keresikan lan asrine sekolah dadi tanggung jawabe saben warga sekolah. Kajaba guru lan siswa, pangupakara lan pangudi wujude lingkungan sekolah sing sehat lan asri ora ucul saka kabeh wong tuwa, swasta, lembaga swadaya masyarakat, sarta pamerentah. dalam artikel bahasa jawa

    BalasHapus

luvne.com ayeey.com cicicookies.com mbepp.com kumpulanrumusnya.com.com tipscantiknya.com