Sabtu, 03 Oktober 2015

Dhandhanggula Pangiring Panganten Kirab Manjing


Wayang tradisional Jawa atau disebut juga sebagai wayang purwa adalah salah satu jenis seni pertunjukan yang masih hidup bertahan dalam entitas masyarakat Jawa, utamanya masyarakat Jawa Tengah dan Jawa Timur. Beberapa daerah, misalnya di Jawa Barat, Sunda, Bali, Palembang di Sumatera dan Banjar di Kalimantan juga mengenal seni pertunjukan wayang, namun tidak sepopuler wayang kulit purwa di Jawa.

Gya jumangkah panganten kakalih
Tumuju mring sasana rinengga
Sasana palenggahane
Kang dadi papaneku
Angrantu pra tamu nenggih
Kang arsa muji donga
Mrih sembadanipun
Kabeh kang bakal sinedya
Dening risang panganten kekalih ika
Gesang kang bagya mulya.

Duk samana pinanganten putri
Jumeneng jajar klawan kang garwa
Katingal lejar galihe
Tinenggan para sepuh
Kang satuhu tresna lan asih
Dhumateng para putra
Saben dintenipun
Ndendonga mrih para putra
Tunggal cipta tunggal rasa tunggal karsa

Anggayuh gesang mulya.

Sigra jumangkah panganten kekalih. Sapecak mbaka sapecak tindakira tumuju sasana palenggahan kang wus karengga kanthi endah edining sekar manca warna ing pungkuripun sarta tinaretes pindha kencana. Sasana palenggahane risang panganten kinanrya papan angrantu para tamu ingkang arsa ndedonga amrih kasembadaning sedaya ingkang sinedya. Menapa ingkang sinedya dening risang penganten kekalih? Inggih namung gesang ingkang bagya mulya.

Sang pangaten putri jajar kaliyan panganten priya. Sinawang saking katebihan katingal gumbira penggalihipun awit dipuntenggani para sepuh ingkang satuhu kebak tresna asih dhumateng para putra ing saben dintenipun. Para sepuh tansah ndedonga mugi panganten kekalih tunggal cipta rasa miwah karsanipun anggenipun  nggayuh gesang mulya.

0 komentar:

Posting Komentar

luvne.com ayeey.com cicicookies.com mbepp.com kumpulanrumusnya.com.com tipscantiknya.com