Kamis, 22 Oktober 2015

Budaya Indonesia


Sugeng ndalu kanca sedaya, conto artikel basa jawa bab kabudayan siji iki bokmenawa cocog kanggo conto nalika gawe artikel sing apik kanthi tema kabudayan utawa tema liya kaya ta pendidikan, karesikan lingkungan, lan liya-liyane. Yuk langsung wae nyemak bareng artikel nganggo basa  Jawa ing ngisor iki.
Indonesia mujudaken  salah satunggaling negari ingkang anggadhahi manekawarna suku, budaya ugi basa. Saking kathahing suku ingkang sami gesang wonten negari Indonesia mila wujud budaya  satunggal lan satunggalipun boten sami. Budaya wonten negari kita pancen kathah sanget, ananging emanipun kathah generasi penerus kados para nem-neman samenika kirang peduli kaliyan budaya warisan leluruh menika.

artikel-bahasa-jawa-bab-kabudayan

Langkung-langkung wonten era globalisasi menika budaya manca kanthi gampil sanget mlebet dhateng negari kita. Budaya kasebat  tuwuh ngrembaka  ing Indonesia. Kanthi maos artikel basa Jawi bab kabudayan menika kita saged mangertos bilih kita sedaya, para generasi enem khususipun langkung remen  dhateng budaya Jawi tinimbang budaya manca. Kita sedaya rumaos langkung PD uga rumaos langkung gaul menawi ngadhepi budaya negari sanes. Perkawis sanesipun inggih menika babagan pangakening  budaya kita  dening Malaysia. Temtu kemawon kita sedaya boten trimah  menawi  nagari tanggi ingkang kanthi sasekecanipun ngakeni  budaya-budaya kita sedaya minangka budaya negaripun. Kados ingkang sampun karengkuh minangka budayanipun upaminipun reyog ponorogo lan beksan pendhet. Menika mujudaken pangina tumrap  rakyat Indonesia khususipun para generasi enem. Kita sedaya boten saged namumg nglepataken Malaysia ingkang sampun ngehaki budaya kita sedaya.Kita sedaya minangka  rakyat Indonesia  kedah enget dhateng  kalepatan kita sedaya. Kita sedaya kedah mawas dhiri. Pinten kathahipun rakyat Indonesia  ingkang peduli dhateng  ing budaya  Indonesia saderengipun kedadosan makaten menika?

artikel-bahasa-jawa-tentang-kebudayaan
Kanthi punika mangga kita sedaya sami sami  manah kanthi manah kita piyambak-piyambak. Menawi pancen wayang kulit menika  salah satunggalipun budaya ingkang  kita gadhahi kenging punapa kedah isin  ningali pagelaran wayang kulit? Menawi pancen  bathik punika ugi saking budaya kita sedaya, kenging punapa rumaos isin ngangge rasukan bathik? Sampun dados kuwajiban kita, kita sedaya kedah sami ngemutaken supados saged nglestarekaken  budaya kita amrih gesanipun kabudayan menika dumugi anak putu kita sedaya.
Conto artikel ing nginggil mujudaken salah satunggalipun artikel basa Jawi ing bab kabudayan, Mugi-mugi saged kangge caos wawasan  lan panjurung  kita kalanipun badhe nglestatunaken kabudayan Jawi minangka peranganing budaya nasional.

0 komentar:

Posting Komentar

luvne.com ayeey.com cicicookies.com mbepp.com kumpulanrumusnya.com.com tipscantiknya.com