Sabtu, 24 Oktober 2015

Geguritan Minggu Esuk

Jangkah  langkah satitah
ngambah lemah tilas sawah
hawa seger bareng angin kumliwer
agawe laku kang ora banter

tutuk crita mripat saba
endi pucuk endi bongkot
angel tinemu

mung rasa ayem
guyub
rukun
kang rinasa bareng karo pangampingku

Minggu esuk iki ana rasa kang beda
karo esuke dina liya
ngangsa, kemrungsung, goreh
ilang ing esuk iki
bareng karo jangkah langkah
ing lemah tilas sawah
sing saiki wis ora thukul pari
ning wujud gedhung omah kang edi peni

                                 Klipang, 25 Oktober 15 esuk

0 komentar:

Posting Komentar

luvne.com ayeey.com cicicookies.com mbepp.com kumpulanrumusnya.com.com tipscantiknya.com