Senin, 26 Oktober 2015

Dadi Bocah Aja Nganti Bubrah

Dadi Bocah Aja Nganti Bubrah

        Jaman saiki kondhang diarani jaman global. Jan-jane apa jaman global iku? Jaman global iku jaman sing sarwa cepet. Lelungan cepet, sesambungan (komunikasi) cepet. Prasasat arep weruh papan liya ora kudu marani papan sing dituju, nanging mung cukup mijet/mencet remot wis neng ngarepe papan sing dituju. Bab kaya ngono iku uga lumaku kanggo kadadean-kedadean liyane. Kedadeyan kanggo sapa wae, kalebu kanggo bocah enom.
        Bocah enom (bocah sekolah) dituturi wong tuwa nalika ing  ngomah lan  diwulang guru nalika ing sekolah. Ing rong panggonan iku (omah lan sekolah) bocah dipesen supaya gladhen tumindak apik lan ngedohi sing ala. Pesen iku ora mung mandheg ing kono, nanging isih ditambahi kanggo sangu ngadhepi urip ing tembe buri.
         Ning yakuwi, ing jaman global iki, niyate wis kuwat arep nyinau sing apik lan adoh saka bab-bab sing ala. Embuh saka ngendi sangkane, piye carane dumadakan sing ora dikarepake liwat ing ngarepe. Conto sing paling cetha, nalika arep golek bahan kanggo ngrampungke tugas kanthi nyuwun pirsa "Mbah Google" ndadak njedhul setan sing digawe kedhep-kedhep sing ora jelas maksude. Kanggo apa, kanggo sapa, lan saka sapa, ora jelas juntrunge. Sing jelas yen sing ditawakake mau "dijawil", nek basane internet "diclik" mesthi njedhul "setan-setan gentayangan".
        Sing kaya ngono kuwi kanggo sing wis tuwa utawa nalare cukup ora dadi prekara, nanging kanggo bacah sekolah utawa bocah enom, sing isih gemludhug atine, mesthi bakal gawe perkara. Perkara iku bisa mandheg ing bocah dhewe, uga bisa perkara kanggo wong liya. Terus kudu kepriye?
         Raden Ngabehi Ranggawarsita, pujangga kondhang saka kraton Surakarta nyerat ing Serat Kalatidha kaya ing ngisor iki.
            "Amenangi jaman edan,
              ewuh aya ing pambudi,
              melu edan ora tahan,
              kalamun tan anglakoni,
             boya keduman melik,
              kaliren wekasanipun,
              ndilalah kersa Allah,
              begja-begjane kang lali,
              isih begja kang eling lan waspada."
Cakepan tembang iku nek dicethakake, meruhi  jaman edan (jaman global?) iki gawe bingung ing ati. Olehe bingung iku amarga yen melu edan bakal ora tahan (pikirane ora kuwat), nanging yen ora melu edan ora bakal entuk bageyan. Nek ora ing urip iki ora entuk bageyan (rejeki) mesthi wae bakal kaliren tegese ora bisa mangan amarga ora ana sing dipangan. Kanggo ngadhepi kahanan sing kaya mangkono iku ana piwulang luhur sing kudu diugemi/digatekake. Piwulang luhur iku ngandhakake menawa saka karsane Gusti Allah sabeja-bejane wong sing lali, isih beja wong sing eling lan waspada. Eling tegese tansah eling marang Sing Gawe Urip. Kanthi eling marang Gusti Allah mesthi wae ora bakal tumindak ala. Sing nomer 2, wong iku kudu waspada, tegese kudu kebak pangati-ati ing bab apa wae. Kanthi ngati-ati mesthi kaslametan sing bakal ditemokake.
            Apa sambunge karo bocah sekolah? Bocah sing sekolah iku calon pemimpin ing tembe mburi mula kudu ngati-ati sakabehane. Aja mung merga nuruti karep terus lali yen besuk kuwi ana tanggung jawab sing gedhe sing kudu diadhepi. Apa kuwi? Nanggung dhiri pribadine, nanggung kulawargane, lan nanggung jejeg lan majune negara iki. 
            Carane? Tunggu candhake....

0 komentar:

Posting Komentar

luvne.com ayeey.com cicicookies.com mbepp.com kumpulanrumusnya.com.com tipscantiknya.com