Panglantar
Puji syukur konjuk ing ngarsa
Gusti Kang Maha Agung, awit kanthi rahmat-E Materi Guneman Nganggo Basa
Jawa iki bisa dirampungake. Materi iki karakit lelandhesan materi-materi sing
wis ana utawa sing wis ditulis ing buku-buku pasinoan basa Jawa. Mung wae ing
materi iki bab-bab sing durung tumata ditata, sing durung ganep diganepi.
Materi iki katulis kanthi tujuan
supaya para siswa entuk wawasan kang bener lan ganep bab guneman nganggo basa
Jawa.
Ing materi pasinaon iki, materi
ditulis lan ditata urut saka Kompetensi Dasar kang digayuh, tujuan-tujuan
pasinaon, lan kawruh omong-omongan saka sing gampang tumuju kang saya angel.
Kanggo nggampangake anggone padha
latihan omong, sabubare diandharake materi pasinaon banjur dicawisake sarana
latihan kang dikantheni katrangan kontekstual. Bab iku duwe tujuan supaya
apa sing kudu dilakoni siswa iku cetha.
Panulis ngakoni menawa isih akeh
bab-bab sing kurang ing materi pasinoan iki, mula saka iku panulis ngantu-antu iguh
pratikel saka para pamaos kanggo gawe apik lan ganepe materi pasinaon iki. Nuwun
Panulis
PITUDUH
PANGANGGONE MATERI PASINAON
1.
Paringana apersepsi marang siswa menawa
guneman nganggo basa Jawa bisa kanggo nglatih karakter
2.
Panjenengan pilih materi kang jumbuh
karo tataran klas
3.
Kaandharna kanthi tliti, runtut saka
kang gampang tumuju kang angel ing bab kawruh apadene praktek guneman.
4.
Paringana gambaran lan conto nyata jroning guneman
5. Mantepna
maneh kawruh babagan guneman marang siswa
1. Kawruhana
bab-bab kang ana gandhenge karo guneman
2. Suwunna
pirsa marang guru bab sing durung kokngerteni
3. Ajara
kendel kanggo guneman
4. Takokna
marang awakmu dhewe bab-bab kang durung kongerteni bab kang ana gandhenge karo
guneman
5.
DAFTAR
ISI
Kaca
JUDHUL ..........................................................................................................................
i
PANGLANTAR
..................................................................................................................... ii
PITUDUH PANGANGGONE
MATERI PASINOA ..............................................................iii
DAFTAR ISI
.......................................................................................................................... iv
STANDAR
KOMPETENSI.......................................................................................................
1
KOMPETENSI
DASAR............................................................................................................
1
MATERI PASINAON
........................................................................................................... 1
1. RAGAM
BASA JAWA ....................................................................................................1
2. TEMBUNG
PANANDHA BASA ....................................................................................2
a.
Tembung Ngoko...........................................................................................................
3
b.
Tembung Madya .........................................................................................................
3
c.
Tembung Krama............................................................................................................3
d.
Tembung Krama Inggil ................................................................................................3
e.
Tembung Krama Andhap
.............................................................................................4
f.
Tembung Netral.............................................................................................................4
3. PANGANGGONE
BASA
................................................................................................4
a.
Basa Ngoko Lugu..........................................................................................................4
b.
Basa Ngoko Alus.........................................................................................................
5
c.
Basa Krama Lugu........................................................................................................
6
d.
Basa Krama Alus.........................................................................................................
7
4. DAFTAR
SAWETARA TEMBUNG NETRAL – NGOKO – KRAMA - KRAMA INGGIL ...........................................................................................................................
8
5. LATIHAN
.......................................................................................................................
11
6. RINGKESAN
.. .......... .................................................................................................. 11
UJI KOMPETENSI
................................................................................................................
12
GLOSARIUM
.........................................................................................................................
14
DAFTAR
PUSTAKA
...............................................................................................................
15
STANDAR KOMPETENSI:
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan
perasaan secara lisan melalui berbicara, bertelepon, dan berdialog dalam
berbagai ragam bahasa Jawa sesuai unggah-ungguh.
1.
Siswa
dapat menyebutkan ragam bahasa Jawa
2.
Siswa
dapat menyebutkan penanda ragam bahasa
3. Siswa
dapat berdialog dengan orang yang
statusnya sama dan akrab dengan bahasa Jawa yang tepat.
4. Siswa
dapat berdialog dengan orang yang statusnya sama dan akrab tetapi masih
membutuhkan penghormatan.
5. Siswa
dapat berdialog dengan orang tua yang
hubungannya akrab.
6. Siswa
dapat berdialog dengan orang yang
kedudukannya lebih rendah kepada yang lebih tinggi atau sebaliknya.
7. Siswa
dapat berdialog dengan orang yang lebih
tua yang hubungannya kurang akrab dengan bahasa yang tepat.
8. Siswa
dapat berdialog dengan orang yang tua
kepada yang muda tetapi status yang tua lebih rendah dengan bahasa Jawa yang
tepat.
9. Siswa
dapat memperagakan dialog sesuai dengan teks yang tersedia.
.
MATERI
PASINAON
1. Ragam Basa Jawa
Basa Jawa iku ora mung siji. Sacara baku basa Jawa dibedakake dadi loro, ngoko lan
krama. Basa ngoko dibedakake maneh dadi ngoko lugu, lan ngoko alus. Dene basa
Jawa krama dibedakake dadi krama lugu
lan krama alus.
Ing dhuwur dikandhakake menawa basa
Jawa sacara baku ana loro. Apa ana sing ora baku? Sejatine ing bebrayan basa Jawa sing ditemokake
ya mung ngoko lan krama iku. Nanging
ngoko lan krama kuwi ora mung lugu lan alus, sebab ana ngoko kasar lan
krama madya. Mung wae ing sekolah sing diwulangake mung ngoko lugu, ngoko alus lan krama lugu
lan krama alus.
Pamilahing basa Jawa bisa dideleng ing tabel
ngisor iki.
Katrangan:
Ngoko kasar lan
krama madya ora diwulangake ing sekolah nanging isih digunakake ing masyarakat.
2.
TEMBUNG PANANDHA
BASA
Basa-basa ing
basa Jawa kasebut dadi beda-beda jenenge iku amarga basa-basa kasebut duwe titikan dhewe-dhewe. Titikan-titikan mau
awujud tembung sing digunakake ing basa kasebut. Mula banjur diarani tembung
panandha basa. Yen tembung-tembung sing dadi
panandha iku mau ora pener mapane, basa mau dadi ora laras karo jenenge utawa
dadi ora bener.
Tembung sing
dadi panandha basa kasebut yaiku tembung
ngoko, tembung madya, tembung krama,
lan tembung krama inggil, tembung netral. Supaya luwih cetha gatekna ing tabel ngisor
iki.
No
|
Basa
|
Tembung
panandha
|
1
|
Ngoko kasar
|
ngoko lan
netral
|
2
|
Ngoko lugu
|
ngoko lan
netral
|
3
|
Ngoko alus
|
ngoko,
krama/krama inggil/krama andhap, lan netral
|
4
|
Krama lugu
|
krama lan
netral
|
5
|
Krama madya
|
ngoko,
krama/krama inggil, lan netral
|
6
|
Krama alus
|
krama, krama
inggil/krama madya, lan netral
|
Kanggo ngerteni
maksud saka siji-sijine panandha tembung kasebut bisa digatekakake ing
katrangan ngisor iki.
a.
Tembung Ngoko
Tembung ngoko
iku tembung sing duwe imbangan tembung krama, tembung madya, tembung krama
inggil, tembung krama madya, utawa tembung krama-krama
inggil. Conto tembung ngoko bisa
dideleng ing tabel ngisor iki.
No
|
Tembung Ngoko
|
Pasangan
Tembung
|
|||
Madya
|
Krama
|
Krama Inggil
|
Krama Andhap
|
||
1
|
arep/meh
|
ajeng
|
badhe
|
-
|
-
|
2
|
banyu
|
-
|
toya
|
-
|
-
|
3
|
turu
|
-
|
tilem
|
sare
|
-
|
4
|
weteng
|
-
|
-
|
padharan
|
-
|
5
|
ngundang
|
-
|
-
|
nimbali
|
ngaturi
|
b.
Tembung Madya
Tembung madya
iku tembung krama sing aluse sangisore
krama sandhuwure ngoko. Conto-conto
tembung madya bisa dideleng ing tabel ngisor iki.
No
|
Tembung Ngoko
|
Tembung Madya
|
Tembung Krama
|
1
|
uwis
|
empun
|
sampun
|
2
|
ana
|
onten
|
wonten
|
3
|
arep
|
ajeng
|
badhe
|
4
|
kowe
|
ndika
|
panjenengan
|
5
|
menyang
|
teng
|
dhateng
|
c.
Tembung Krama
Tembung krama
iku wujud alus saka tembung krama. Ana sing ngarani tembung krama iku tembung
urmat ing unggah-ungguh. Tembung krama mesthi nduweni imbangan tembung ngoko.
Cacahe tembung krama iku akeh. Tabel ing ngisor iki saperangan conto tembung
krama.
No
|
Tembung Ngoko
|
Tembung Krama
|
1
|
bali
|
wangsul
|
2
|
percaya
|
pitados
|
3
|
tau
|
nate
|
4
|
esuk
|
enjing
|
5
|
jeneng
|
nama
|
d.
Tembung Krama
Inggil
Tembung
krama inggil sing digunakake kanggo
ngurmati wong sing diajak guneman. Kanggo ngurmati sing diajak guneman, sing
diajak guneman “didhuwurake” nganggo
tembung krama inggil. Mula saka iku tembung krama inggil mung ditrapake ing
wong sing diajak omongan lan sing
diomongake. Tembung krama inggil ana sing mung duwe imbangan tembung
krama lan ngoko lan ana sing mung duwe imbangan tembung ngoko. Contone kaya ing
tabel ngisor iki.
No
|
Tembung Krama Inggil
|
Tembung Krama
|
Tembung Ngoko
|
1
|
dalem
|
griya
|
omah
|
2
|
dhahar
|
nedha
|
mangan
|
3
|
rawuh
|
dugi
|
teka
|
4
|
kondur
|
mantuk
|
mulih
|
5
|
asta
|
-
|
tangan
|
e.
Tembung Krama
Andhap
Tembung krama
andhap iku tembung sing digunakake kanggo ngurmati wong sing diajak omongan
kanthi cara ndhuwurake wong sing diajak omongan lan ngasorake awake dhewe. Dadi
tembung krama andhap iku mung kanggo awake dhewe. Tembung krama andhap iki
cacahe mung sithik.
No
|
Tembung Krama Andhap
|
Tembung Krama inggil
|
Tembung Ngoko
|
1
|
sowan
|
rawuh
|
teka
|
2
|
nyuwun
|
ngersakaken
|
njaluk
|
3
|
matur
|
ngendika
|
ngomong
|
4
|
ndherek
|
ngrawuhi
|
ikut
|
5
|
ngaturi
|
nimbali
|
ngundang
|
f.
Tembung Netral
Tembung netral
iku tembung sing ora duwe imbangan tembung liyane. Tembung iki ora nelakake
kasar apa alus. Dadi tembung iki bisa digunakake dening sing omong, sing diajak
omong, lan sing diomongake. Delengen tabel ing ngisor iki.
No
|
Tembung Netral
|
Tembung Ngoko
|
Tembung Madya
|
Tembung Krama
|
Tembung Krama
Inggil
|
Tembung Krama
Andhap
|
1
|
cendhela
|
-
|
-
|
-
|
-
|
-
|
2
|
sapu
|
-
|
-
|
-
|
-
|
-
|
3
|
radhio
|
-
|
-
|
-
|
-
|
-
|
4
|
kates
|
-
|
-
|
-
|
-
|
-
|
5
|
pelem
|
-
|
-
|
-
|
-
|
-
|
3.
Panganggone Basa
Carane
milih basa Jawa sing endi sing arep digunakake iku ana bab sing kanggo tetimbangan utawa dhasar.
Dhasare yaiku faktor sosial. Sing dikarepake faktor sosial yaiku bab-bab sing sesambungan karo jenis kelamin,
umur, sesambungan kulawarga, kalungguhan, pendidikan, pametu, papan, lan akrab
orane. Faktor sosial sing kanggo
dhasar pamilihing basa Jawa yaiku umur, kalungguhan, lan kaakraban (raket lan
ora sesambungane). Basa sing endi sing arep digunakake nalika guneman karo wong
liya kudu nggatekake umur, kalungguhan, lan raket lan orane sing guneman lan
sing diajak guneman. Cak-cakan siji lan sijine kaya kasebut ing ngisor iki.
a.
Basa Ngoko Lugu
Basa
ngoko lugu digunakake nalika omong-omongan
antarane:
1)
Wong
kapisan lan wong kapindho kang raket banget, ora perlu ngalusake basa
siji lan sijine.
Conto:
Konteks
Budi
lan Amir iku kanca sekolah lan sakelas ing SMP. Wektu iku lagi ngaso. Dheweke
omong-omongan neng ngarep kantin. Sing diomongke ora liya
jajanan sing dituku neng kantin. Amarga wis akrab banget, siji lan
sijine nalika ngomong ora ana tembung sing digawe alus.
Budi
: “Dengaren tuku mendhowan, Mir. Jare ra entuk mangan gorengan.”
Amir
: “Pisan-pisan ya ra papa ta, Bud. Gelem pa taktukoke?”
Budi
: “Ora ah. Aku wis entek sega kucing loro, kok. Aku njaluk ese wae.”
Amir
: “Ya wis kana njupuka, mengko takbayare.”
2)
Digunakake
dening wong kapisan kang kalungguhane luwih dhuwur (wong tuwa, guru, bendara) marang wong kapindho kang kalungguhane luwih
cendhek (anak, murid, rewang).
Conto
:
Konteks:
Ing dina Minggu esuk, Budi arep ngetokake pit
montore saka ngomah. Nalika Budi mbukak lawang, bapakne wis ana ngarepan omah.
Mesthi wae Budi didangu bapakne.
Omong-omongane:
Bapak : “Arep nyang ndi, Bud?”
Budi : “Dhateng griyanipun kanca, Pak?”
Bapak : “Ana acara apa ta?”
Budi : “Ngampil LKS, Pak.”
Bapak : “Ya wis. Aja suwe-suwe!”
Budi : “Nggih, Pak.”
b.
Basa Ngoko Alus
Basa
ngoko alus iku digunakake dening:
1)
Wong
sing sesambungane akrab ning salah siji apa loro-lorone kepengin padha ngajeni.
Conto
Konteks:
Nalika
ngaso, Bu Sinta, guru Fisika ing SMP Z lan Bu
Wati, guru Basa Jawa, ketemu ruwang
guru. Guru loro iku banjur jagongan. Sing dirembug nalika jagongan iku ora liya bab tes
unggah-unggahan. Priyayi loro kasebut sesambungane akrab nanging isih padha
dene ngajeni.
Bu
Sinta : “Panjenengan wis wiwit
ngolah biji, Pak?”
Bu
Wati : “Lagi ngrata-rata biji ulangan harian. Lha Njenengan?”
Bu
Sinta : “Aku wis rampung. Mung kari nunggu biji UKK mengko.”
Bu
Wati : “Kok cepet temen, njenengan?”
Bu
Sinta : “Lha, bubar Kepala Sekolah kae ngendika, aku langsung nggarap.”
Bu
Wati : “Wah nek ngono mengko awan takrampungne.”
2)
Gunemane
wong kapisan lan wong kapindho sing wis akrab, nanging sing diomongake (wong
katelu) iku sing kalungguhan lan umure
luwih dhuwur dadi perlu diurmati.
Conto
Konteks:
Pandu lan
Jaka sadurunge mulih sinambi nunggu pethukan omong-omongan neng cedhak gapura
sekolah. Sing diomongke bab PR Basa Inggris.
Pandu : “Ka, kowe wis mudheng PR sing diparingke Pak Edi mau?”
Jaka : “Sithik-sithik wis. Lha napa?”
Pandu : “Aku nek Inggris blas ra isa je.”
Jaka :
“Ngene wae, mengko nyuwun warah ibu
apa bapakmu.”
Pandu : “Bapak lan Ibuku tindak ki.”
Jaka : “Mmm, mengko nek aku wis rampung kowe tak-SMS, takajari. Piye?”
Pandu : “Siip
,nek ngono.”
c.
Krama Lugu
Basa Jawa krama
lugu iku digunakake ing omong-omongane:
1)
W1
marang W2 sing statuse kurang luwih
padha, wis kulina, padha dene ngajeni, nanging ora urmat banget.
Conto
Konteks:
Pak Teja karo Pak Marna iku padha-padha guru
sing wis suwe ora ketemu. Kebeneran ing sawijining wektu ketemu ing papan wisata. Ing kono sing
diobrolake ora bab piknik ning malah ngobrol ngalor ngidul bab rega BBM. Najan wis akrab nanging isih tetep
ngajeni.
Pak
Teja : “ Sampeyan sampun mireng menawi
BBM badhe mindhak, Pak?”
Pak
Marna : “ Inggih namung mireng saking TV. Lha dospundi”
Pak
Teja : “Kadospundi nggih, estunipun awrat kangge
kula.”
Pak
Marna : “Sami kemawon. Kula inggih awrat.
Nanging menawi tetep
dipunindhakaken, sampeyan lan kula rak nggih namung
manut ta?”
Pak
Teja : “Inggih ta nggih, lha menawi
badhe kesah-kesah napa motor namung
dipunsurung?”
Pak Marna :
“Nggih dipuntengga kemawon mangke keputusanipun kados pundi.”
Pak Teja :
“Lha inggih ta.”
2)
Wong
kapisan marang Wong kapindho sing ngomongake bab saliyane manungsa nganggo basa
krama.
Conto
Konteks:
Pak Warna iku sawijining tani. Kira-kira jam 10, Pak Warna kondur
ngasta sawi. Ing tengah dalan ketemu karo
Pak Bambang. Lelorone banjur nyritakake
bab tanduran sawine.
Pak
Warna :
“Menika lho Pak Bambang, sawi kula pethiki, mangka dereng
wancinipun panen.”
Pak
Bambang : “Lho, lha kenging
menapa?”
Pak
Warna : “Kalih dinten
kepengker kula rabuki ngangge urea. Lha kok
wau enjing kula tingali malah kathah ingkang pejah. Mangka
kula sampun tliti lho ngrumatipun, nanging kok nggih tetep
pejah. Dados kula nggih dereng ngertos sebabipun. Menawi
Pak Bambang purun ta, mendhet ing sabin kula.”
Pak Bambang : “Nggih matur nuwun.”
d.
Krama Alus
Basa krama alus iku digunakake nalika
omong-omongan antarane:
1)
Bocah enom marang wong tuwa (murid marang guru
utawa anak marang wong tuwa)
Conto
Konteks:
Ing wayah bubaran sekolah, Umi, murid
kelas 8 nyuwun pirsa marang Pak Edi,
guru Matematika bab PR.
Umi : “Pak, badhe nyuwun pirsa.”
Pak
Edi : “Bab apa?”
Umi : “PR kalawau menika lho, Pak.”
Pak
Edi : “Lho rak wis cetha ta?”
Umi :
“Inggih sampun. Namung nggarapipun kedah dipuntik menapa cekap
dipunserat tangan?”
Pak
Edi : “Nek pengin apik ya ditik,
ning ditulis tangan ya ra papa.”
Umi : “Matur nuwun, Pak.”
Pak
Edi : “Ya, padha-padha.”
Konteks:
Bubar
Maghrib, Arif matur marang Bapak lan Ibune
anggone didhawuhi nyiyapake piranti kanggo kemah.
Arif : “Pak, minggu ngajeng tanggal 23 Juni
sekolah badhe ngawontenaken
kemah. Kula kadhawuhan pados ampilan tendha. Kadospundi
menika, Pak?”
Bapak : “Biyasane sing duwe tendha kuwi rak ya
sekolahan ta? Lha kira-kira
sekolah ngendi sing duwe?”
Arif :
“Sekolahanipun Ibu kagungan boten, Bu?”
Ibu :
“Coba sesuk taksuwunke pirsa Ibu Kepala Sekolah.”
Arif :
“Sampun ngantos kesupen lho, Bu.”
Bapak :
“Sesuk ben ra lali ibumu taksms-e.”
Arif :
“Inggih, Pak, matur nuwun.”
2)
Wong
sing durung padha kenal.
Conto
Konteks:
Pak
Darsana lan Pak Mustofa iku umur-umurane imbang, nanging ora akrab amarga
pancen durung kenal. Ing sawijining dina Pak Darsana nggoleki daleme Pak Marlam
sing daleme cedhak Pak Mustofa. Tekan kampunge Pak Marlam, Pak Darsana ketemu Pak Mustofa, mula banjur nyuwun
pirsa marang Pak Mustofa.
Pak
Darsana : “Nuwun sewu Pak, badhe nyuwun
pirsa.”
Pak
Mustofa : “O inggih.”
Pak
Darsana : “Dalemipun Pak Marlam menika
ingkang pundi nggih?”
Pak
Mustofa : “Pak Marlam? Pak Marlam ingkang
dados guru SMP?”
Pak
Darsana : “Inggih, leres.”
Pak
Mustofa : “O...menika panjenengan lajeng
kemawon, mangke wonten
prasekawan katuran nengen. Kirang
langkung seket meter wonten
pratigan, mangke panjenengan
menggok ngiwa. Dalemipun Pak
Marlam celak mesjid.”
Pak Darsana :
“Matur nuwun sanget, Pak.”
Pak
Mustofa : “Inggih, sami-sami.”
3)
Wong
sing statuse cendhek marang sing statuse luwih dhuwur (bawahan marang atasan,
warga marang tokoh masyarakat)
Conto
Konteks:
Pak
Winarta, guru IPS ing SMP A , ing sawijining wektu matur marang Kepala Sekolah
bab murid-murid sing padha nglanggar aturan.
Pak
Winarta : “Bu, menika kados pundi, saben dinten kok
wonten
kemawon lare ingkang nerak pranatan?”
Kepala
Sekolah : “Ngene wae, njenengan bukak maneh buku tata tertib.
Terus
sing
nglanggar kuwi mau sanksi apa? Bali neng aturan wae,
Pak. Awake dhewe kudu tegas.”
Pak Winarta :
“Menapa boten langkung sae ngaturi
tiyang sepuhipun
kemawon.”
Kepala
Sekolah : “Kuwi iya, ning
aturane dijejege dhisik. Nek wis ora mandi ya
lagi ngaturi wong tuwa murid.”
Pak
Winarto : “O... inggih sampun menawi mekaten.
Pareng.”
Kepala
Sekolah : “Mangga-mangga.”
4. Tembung Krama Inggil ing Basa Ngoko Alus lan Krama
Alus
Kaya kasebut ing
dhuwur yen ing basa ngoko alus lan krama alus iku ing panandhane ana tembung krama inggil. Tembung krama inggil kang
dadi tandha ing basa kasebut iku diatur kaya ing ngisor iki.
a)
Tembung
krama inggil ditrapake ing tembung panyapa kanggo wong kapindho lan wong katelu
kang perlu “diduwurake”.
Conto:
Tembung kowe
lan dheweke dadi panjenengan lan panjenengane ing basa ngoko alus, panjenengan lan panjenenganipun
ing krama alus.
b)
Tembung
krama inggil ditrapake ing tembung kriya kang ngokone duwe pasangan krama
inggil, kanggo wong kapisan lan wong kapindho kang perlu “didhuwurke”.
Conto:
Tembung Ngoko
|
Tembung
Krama Inggil
|
mangan
|
dhahar
|
lunga
|
tindak
|
adus
|
siram
|
turu
|
sare
|
tangi
|
wungu
|
ngomong
|
ngendika
|
nggawa
|
ngasta
|
tuku
|
mundhut
|
jupuk
|
pundhut
|
teka
|
rawuh
|
c)
Tembung
krama inggil ditrapake ing tembung kaanan kang ngokone duwe pasangan krama
inggil kanggo wong kapindho lan katelu kang perlu “didhuwurake”.
Conto
tembung ngoko lara dadi gerah
d)
Tembung
krama inggil ditrapake ing tembung aran kang ngokone duwe pasangan krama inggil
kanggo wong kapindho lan wong katelu kang perlu “didhuwurake”
Conto:
Tembung aran ngoko
|
Tembung
aran krama
|
rambut
|
rikma
|
endhas
|
mustaka
|
bathuk
|
palarapan
|
rai
|
pasuryan
|
mripat
|
paningal
|
kuping
|
talingan
|
gulu
|
jangga
|
cangkem
|
tutuk
|
tangan
|
asta
|
weteng
|
padharan
|
sikil
|
samparan
|
driji
|
racikan
|
omah
|
dalem
|
payung
|
songsong
|
idu
|
kecoh
|
e)
Tembung
krama inggil ditrapake kanggo klitik
wong kapindho lan katelu ing ngoko alus, klitik wong kapisan, kapindho, lan
katelu ing basa krama alus.
Cethane
klitik kok- , lan -mu dadi panjenengan ing basa ngoko alus, dene klitik dak-, kok- , lan -mu dadi dalem/kawula, panjenengan, lan
panjenengan ing basa krama alus.
5. Pangendhalining Tembung
Kajaba
bab-bab ing dhuwur, sacara sintaktik
pamilihing tembung ngoko, krama, lan krama inggil dikendhaleni dening tembung
utawa klitik sing mratelakake wong kapisan, kapindho, lan katelu.
Tembung
utawa klitik pangendhali pamilihing tembung ngoko, krama, lan krama inggil
kaperang dadi 3 klompok, yaiku:
1.
klompok
aku, kowe, dheweke, tak-/dak-, -ku, -mu.
2.
klompok
kula, kawula, dalem, piyambakipun
3.
klompok
panjenengan, slrane, keng slira, lan panjenenganipun.
Sing guneman arep nggunakake tembung
ngoko, krama, apa krama inggil gumantung marang tembung-tembung pangendhali iku
ing ukara. Upamane wiwitan ukara nganggo tembung aku mesthi wae sateruse dadi
basa ngoko. Wiwitan ukara tembung kula mesthi wae basane dadi krama, lan
sapiturute.
6. Daftar Sawetara Tembung
Netral- Ngoko-Krama-Krama Inggil
No
|
Tembung Netral
|
Tembung Ngoko
|
Tembung Krama
|
Tembung Krama
inggil
|
1
|
adat
|
-
|
-
|
-
|
2
|
adhil
|
-
|
-
|
-
|
3
|
adhuh
|
-
|
-
|
-
|
4
|
ahli
|
-
|
-
|
-
|
5
|
akal
|
-
|
-
|
-
|
6
|
akerat
|
-
|
-
|
-
|
7
|
alam
|
-
|
-
|
-
|
8
|
alamat
|
-
|
-
|
-
|
9
|
Allah
|
-
|
-
|
-
|
10
|
alon
|
-
|
-
|
-
|
11
|
ama
|
-
|
-
|
-
|
12
|
amben
|
-
|
-
|
-
|
13
|
amis
|
-
|
-
|
-
|
14
|
anteng
|
-
|
-
|
-
|
15
|
andhong
|
-
|
-
|
-
|
16
|
apem
|
-
|
-
|
-
|
17
|
asal
|
-
|
-
|
-
|
18
|
asin
|
-
|
-
|
-
|
19
|
atos
|
-
|
-
|
-
|
20
|
bablas
|
-
|
-
|
-
|
21
|
bahan
|
-
|
-
|
-
|
22
|
bayi
|
-
|
-
|
-
|
23
|
bakda
|
-
|
-
|
-
|
24
|
banting
|
-
|
-
|
-
|
25
|
barang
|
-
|
-
|
-
|
26
|
basa
|
-
|
-
|
-
|
27
|
bathi
|
-
|
-
|
-
|
28
|
bengkong
|
-
|
-
|
-
|
29
|
beres
|
-
|
-
|
-
|
30
|
belang
|
-
|
-
|
-
|
31
|
bibit
|
-
|
-
|
-
|
32
|
bisu
|
-
|
-
|
-
|
33
|
bledheg
|
-
|
-
|
-
|
34
|
bodho
|
-
|
-
|
-
|
35
|
boyok
|
-
|
-
|
-
|
36
|
bocor
|
-
|
-
|
-
|
37
|
cakar
|
-
|
-
|
-
|
38
|
campur
|
-
|
-
|
-
|
39
|
candhi
|
-
|
-
|
-
|
40
|
cap
|
-
|
-
|
-
|
41
|
dhawet
|
-
|
-
|
-
|
42
|
duren
|
-
|
-
|
-
|
43
|
kiwa
|
-
|
-
|
-
|
44
|
luwe
|
-
|
-
|
-
|
45
|
murid
|
-
|
-
|
-
|
46
|
najis
|
-
|
-
|
-
|
47
|
obor
|
-
|
-
|
-
|
48
|
pilek
|
-
|
-
|
-
|
49
|
rujak
|
-
|
-
|
-
|
50
|
soto
|
-
|
-
|
-
|
51
|
tani
|
-
|
-
|
-
|
52
|
upa
|
-
|
-
|
-
|
53
|
waras
|
-
|
-
|
-
|
54
|
wajib
|
-
|
-
|
-
|
55
|
-
|
adhi
|
-
|
rayi
|
56
|
-
|
adoh
|
tebih
|
-
|
57
|
-
|
adus
|
-
|
siram
|
58
|
-
|
aja
|
sampun
|
-
|
59
|
-
|
aku
|
kula
|
-
|
60
|
-
|
ala
|
awon
|
-
|
61
|
-
|
alis
|
-
|
imba
|
62
|
-
|
amarga
|
amargi
|
-
|
63
|
-
|
ana
|
wonten
|
-
|
64
|
-
|
anggo
|
angge
|
agem
|
65
|
-
|
apa
|
menapa
|
-
|
66
|
-
|
arang
|
awis
|
-
|
67
|
-
|
arep
|
badhe
|
-
|
68
|
-
|
ati
|
manah
|
penggalih
|
69
|
-
|
awak
|
badan
|
salira
|
70
|
-
|
awan
|
siyang
|
-
|
71
|
-
|
bapak
|
-
|
rama
|
72
|
-
|
bali
|
wangsul
|
-
|
73
|
-
|
bojo
|
semah
|
garwa
|
74
|
-
|
bubar
|
bibar
|
-
|
75
|
-
|
bengi
|
dalu
|
-
|
76
|
-
|
bener
|
leres
|
-
|
77
|
-
|
cangkem
|
lesan
|
tutuk
|
78
|
-
|
cedhak
|
celak
|
-
|
79
|
-
|
cilik
|
alit
|
-
|
80
|
-
|
cukup
|
cekap
|
-
|
81
|
-
|
dadi
|
dados
|
-
|
82
|
-
|
dawa
|
panjang
|
-
|
83
|
-
|
desa
|
dhusun
|
-
|
84
|
-
|
dhengkul
|
-
|
jengku
|
85
|
-
|
dhewe
|
piyambak
|
-
|
86
|
-
|
durung
|
dereng
|
-
|
87
|
-
|
dhuwit
|
arta
|
-
|
88
|
-
|
dhuwur
|
inggil
|
-
|
89
|
-
|
dina
|
dinten
|
-
|
90
|
-
|
dudu
|
sanes
|
-
|
91
|
-
|
duwe
|
gadhah
|
kagungan
|
92
|
-
|
elek
|
awon
|
-
|
93
|
-
|
eling
|
emut
|
-
|
94
|
-
|
endhog
|
tigan
|
-
|
95
|
-
|
esuk
|
enjing
|
-
|
96
|
-
|
endi
|
pundi
|
-
|
97
|
-
|
ewuh
|
ewed
|
-
|
98
|
-
|
gawe
|
damel
|
-
|
99
|
-
|
gedhe
|
ageng
|
-
|
100
|
-
|
guna
|
gina
|
-
|
101
|
-
|
idu
|
-
|
kecoh
|
102
|
-
|
iki
|
menika
|
-
|
103
|
-
|
iku
|
menika
|
-
|
104
|
-
|
ilat
|
-
|
lidhah
|
105
|
-
|
irung
|
-
|
grana
|
106
|
-
|
ireng
|
cemeng
|
-
|
107
|
-
|
ijen
|
piyambak
|
-
|
108
|
-
|
isih
|
taksih
|
-
|
109
|
-
|
isin
|
-
|
lingsem
|
110
|
-
|
jan-jane
|
sejatosipun
|
-
|
111
|
-
|
jeneng
|
nama
|
asma
|
112
|
-
|
kae
|
menika
|
-
|
113
|
-
|
karo
|
kaliyan
|
-
|
114
|
-
|
kira
|
kinten
|
-
|
115
|
-
|
kleru
|
klentu
|
-
|
116
|
-
|
kowe
|
sampeyan
|
panjenengan
|
117
|
-
|
kumpul
|
kempal
|
-
|
118
|
-
|
kurang
|
kirang
|
-
|
119
|
-
|
kuwi
|
menika
|
-
|
120
|
-
|
lagi
|
nembe/saweg
|
-
|
121
|
-
|
lali
|
supe
|
-
|
122
|
-
|
lanang
|
jaler
|
kakung
|
123
|
-
|
lara
|
sakit
|
gerah
|
124
|
-
|
larang
|
awis
|
-
|
125
|
-
|
lenga
|
lisah
|
-
|
126
|
-
|
lima
|
gangsal
|
-
|
127
|
-
|
liya
|
sanes
|
-
|
128
|
-
|
loro
|
kalih
|
-
|
129
|
-
|
lunga
|
kesah
|
tindak
|
130
|
-
|
luput
|
lepat
|
-
|
131
|
-
|
luwih
|
langkung
|
-
|
132
|
-
|
maju
|
majeng
|
-
|
133
|
-
|
mangan
|
nedha
|
dhahar
|
134
|
-
|
manuk
|
peksi
|
-
|
135
|
-
|
mati
|
pejah/tilar donya
|
seda
|
136
|
-
|
mau
|
kalawau
|
-
|
137
|
-
|
mengko
|
mangke
|
-
|
138
|
-
|
mula
|
mila
|
-
|
139
|
-
|
mung
|
namung
|
-
|
140
|
-
|
nek
|
menawi
|
-
|
141
|
-
|
nulis
|
nyerat
|
-
|
142
|
-
|
obah
|
ewah
|
-
|
143
|
-
|
ora
|
boten
|
-
|
144
|
-
|
padha
|
sami
|
-
|
145
|
-
|
pari
|
pantun
|
-
|
146
|
-
|
pethuk
|
papag
|
-
|
147
|
-
|
pitik
|
ayam
|
-
|
148
|
-
|
pira
|
pinten
|
-
|
149
|
-
|
rada
|
radi
|
-
|
150
|
-
|
rasa
|
raos
|
-
|
151
|
-
|
rusak
|
risak
|
-
|
152
|
-
|
saka
|
saking
|
-
|
153
|
-
|
salah
|
lepat
|
-
|
154
|
-
|
sapa
|
sinten
|
-
|
155
|
-
|
sapi
|
lembu
|
-
|
156
|
-
|
sedulur
|
sedherek
|
-
|
157
|
-
|
sedhela
|
sekedhap
|
-
|
158
|
-
|
sing
|
ingkang
|
-
|
159
|
-
|
siji
|
setunggal
|
-
|
160
|
-
|
sikil
|
-
|
samparan
|
161
|
-
|
sore
|
sonten
|
-
|
162
|
-
|
suwe
|
dangu
|
-
|
163
|
-
|
takon
|
-
|
nyuwun pirsa/mundhut pirsa
|
164
|
-
|
tali
|
tangsul
|
-
|
165
|
-
|
thukul
|
tuwuh
|
-
|
166
|
-
|
tiba
|
dhawah
|
-
|
167
|
-
|
tilik
|
tuwi
|
-
|
168
|
-
|
tuku
|
tumbas
|
mundhut
|
169
|
-
|
turah
|
tirah
|
-
|
170
|
-
|
turu
|
tilem
|
sare
|
171
|
-
|
tuwa
|
sepuh
|
-
|
172
|
-
|
uga
|
ugi
|
-
|
173
|
-
|
ula
|
sawer
|
-
|
174
|
-
|
untu
|
-
|
waja
|
175
|
-
|
waca
|
waos
|
-
|
176
|
-
|
wadon
|
estri
|
putri
|
177
|
-
|
wani
|
wantun
|
-
|
178
|
-
|
wareg
|
tuwuk
|
-
|
179
|
-
|
wedi
|
ajrih
|
-
|
180
|
-
|
weteng
|
-
|
padharan
|
181
|
-
|
wis
|
sampun
|
-
|
182
|
-
|
wisuh
|
-
|
wijik
|
183
|
-
|
wong
|
tiyang
|
-
|
184
|
-
|
yen
|
menawi
|
-
|
7. Latihan
Tindakna omong-omongan
manut katrangan ing ngisor iki!
a.
Suwardi
karo Suwarna iku kanca akrab. Nalika ing sekolahe ana clasmeeting, dheweke malah omong-omongan neng kelas. Sing
diomongake bab preinan semester.
b.
Pak
Raharja karo Pak Subagya iku padha dene durung kenal. Ing sawijining dina ketemu
ing acara mantenan, banjur omong-omongan. Sing diomongake saka kenalan nganti
nakokake daleme sarta papan pagaweane.
c.
Pak
Darna karo Pak Mitra iku kanca akrab nanging isih padha dene njaga srawunge
(padha dene ngajeni). Kekarone nalika ketemu padha ngrembug bab kasenengane
bocah saiki.
d.
Ing
sawijining dina Pak Harja lan Pak Karta, tangga cedhak sing ora pati akrab
ketemu. Kekarone duwe hobi ngingu
manuk. Pak Harja genti genten nyritakake manuk sing dadi ingon-ingone.
Uji
Kompetensi
A. Titik-titik ing ngisor ganepana nganggo tembung kang
mathuk!
1.
Ragam
basa Jawa iku kang baku yaiku...lan...
2.
Ragam
ngoko dibedakake dadi .... lan ....
3.
Tembung
panandha basa ngoko alus yaiku....
4.
Tembung
panandha basa krama alus yaiku....
5.
Basa
ngoko lugu iku digunakake kanggo guneman marang....
6.
Murid
marang guru iku yen matur sing bener nganggo basa....
7.
Putra
kang wis rumaket marang wong tuwane yen matur bisa nganggo basa....
8.
Guneman
marang wong kang kalungguhane luwih dhuwur iku sing bener nggango basa....
9.
Kanca
karo kanca wis akrab nanging isih padha dene ngajeni yen guneman sing bener
nganggo basa....
10.
Tembung
netral yaiku....
B. Teks guneman iki paragkna lan terusna kanthi
nggatekake konteks!
1.
Erna
lan Fitri sekolah ing SMP C. Dheweke akrab banget sebab kajaba omahe cedhak,
uga kekancan wiwit SD. Nalika bubar pelajaran olahraga, bocah loro iku ngobrol
ngomongake pelajaran sing lagi wae rampung.
Erna : “Piye, Fit, nek manut kowe olahraga dina
iki?”
Fitri : “Sip. Beda karo biyasane.”
Erna : “....”
Fitri : “Lha biyasane aku angger servise ora tau entuk biji apik. Iki mau malah
entuk biji
sanga.”
Erna : “Lha resepe apa kok isa ngono?”
Fitri : “....”
Erna : “O... dadi kowe neng ngomah saben sore
melu latihan voly ta?”
Erna : “Iya.”
2.
Ing
wektu sore kira-kira jam 4, Bu Sinta nyapu ing dalan ngarep daleme. Ora let
suwe ana priyayi (Bu Titik) nyuwun pirsa
daleme Pak Marjuki. Bu Sinta uga banjur
nuduhake.
Bu Titik : “....”
Bu Sinta : “Pak Marjuki ingkang dados guru
napa dhokter?
Bu Titik : “....”
Bu Titik : “....”
Bu Sinta :
“O...Pak Marjuki guru. Menika ngajeng menika rak wonten mobil
abrit ta? Lha
dalemipun Pak Marjuki wingking mobil menika.”
Bu
Titik : “Kinten-kinten wonten
dalem boten nggih, Bu?”
Bu
Sinta : “...”
3.
Rahmad
bocah kelas 1 SMP. Bocahe akrab banget marang bapakne. Ing sawijining dina,
Rahmad matur yen kepengin tilik embahe
ing desa.
Rahmad : “Pak, kapan tilik simbah neng
desa?”
Bapak : “Ya sesuk nek Bapak wis sela ta
ya.”
Rahmad : “...”
Bapak : “Suk tanggal 12 rak prei ta?
Tanggal kuwi kowe takterke.”
Rahmad : “...”
Bapak : “Simbahmu ora papa.”
Rahmad : “...”
Bapak : “Ya mesthi tindak ta Ibumu. Coba
kowe mengko matura Ibumu.”
Rahmad : “...”
4.
Esuk
kuwi Bagus piket kelas mula tekane ing sekolah gasik. Bagus ngira yen dheweke teka paling gasik. Jebul tekan
sekolah, Pak Widi wis rawuh. Pirsa Bagus teka gasik, banjur didangu.
Pak Widi : “Kok dingaren gasik temen, Gus?”
Bagus : “...”
Pak Widi : “Lha sapa wae kancamu piket?”
Bagus : “...”
Pak Widi : “Kok ora disapu bubar pelajaran
wingi, ngapa?”
Bagus : “...”
Pak Widi : “Lho ketoke bubar pelajaran wingi
udane wis terang ta?”
Bagus : “...”
Pak Widi : “Ya wis kana diresiki kelase.”
5.
Ing
wayah esuk, sadurunge pelajaran, Eni
karo Retna ngomongake kedadeyan dhek wingi. Eni takon marang Retna sing
nyebabake didukani gurune.
Eni : “Ret, kowe wingi salah apa ta marang
Pak Muji, kok Pak Muji duka kuwi?”
Retna : “...”
Eni : “O... dadi kowe ninggalke kelas ra
matur ta?”
Retna : “...”
Eni : “Lho iku rak durung jame Pak Muji no.”
Retna : “...”
Eni : “Nek aku, nek ijin mesthi nunggu guru
sing keri kok.”
Retna : “Lha piye ta En, wis ora kuwat ngampet
kok.”
Eni : “Ya muga-muga suk ora kedadean maneh.’
Glosarium
status : keadaan atau kedudukan
hobi : kesenangan
tembung : kata
tembung netral :
kata yang tidak memiliki imbangan ngoko, krama, atau krama
inggil
tembung ngoko :
kata yang memiliki imbangan kata krama/krama inggil atau
kedua-duanya
basa ngoko lugu :
ragam bahasa Jawa yang memiliki kosakata penanda netral
dan ngoko
basa ngoko alus :
ragam bahasa Jawa yang memiliki kosakata penanda netral,
ngoko, dan krama
basa krama lugu :
ragam bahasa Jawa yang memiliki kosakata penanda netral
dan krama
basa krama alus :
ragam bahasa Jawa yang memiliki kosakata penanda netral,
krama, dan krama inggil
Daftar Pustaka
Ekowardono, B. Karno. Dkk. 1993. Kaidah Penggunaan Ragam Krama Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan
dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan
Iskandar, Ki Ali. 2011. Pepak Basa Jawa. Aswaja Presindo. Yogyakarta
Sasangka, Sri Satriya Tjatur
Wisnu. 2004. Unggah-ungguh
Bahasa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua
Suliyanto,
2008. Bebakalan Sinau Basa Jawa. Sukoharjo –
Surakarta:
Cendrawasih
0 komentar:
Posting Komentar